JINISING TEMBUNG
1.
Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora
maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud
tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.
2.
Tembung kriya yaiku
tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu,
nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.
3.
Tembuung kahanan yaiku
tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru,
lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.
4.
Tembung sesulih yaiku
tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke
(diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih
darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha:
iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh).
5.
Tembung wilangan yaiku
tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp.
6.
Tembung ancer-ancer
yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang,
saka, katur, lsp.
7.
Tembung panggenah/
tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si,
Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
8.
Tembung katranganyaiku
tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi,
tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.
9.
Tembung pangiket yaiku
tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara
siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab,
nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.
10.
Tembung panguwuh yaiku
tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat,
wah, lo, lah, hemm, lsp.
Makasih
BalasHapusmakasih,.. dah membantu
BalasHapusMakasih
BalasHapusMaka sih membantu sekali
BalasHapusMqntap guyss tulisan nya banyakin yaaaaa
BalasHapus