Senin, 30 Juni 2014

CERITA RAKYAT PATI



Cerita Rakyat saka dhaerah Pati
“ASAL-USUL KRETEG SEGELAP JUWANA”
Pathakwarak nyolong Roroyono
Sawijining dina, Sunan Drajat Ngerang ngumpulake para muride, yaiku Sunan Kudus, Sunan Muria, Bupati Cokrojoyo, Pathakwarak Bupati Mandhalika, Maling Kapa, lan Maling Kentiri. Sunan Ngerang kuwi mau manggon ana ing Kasunanan Ngerang utawa bisa diarani Panti Ngerang.
Muride Kanjeng Sunan Ngerang sing jenenge Maling Kapa lan Maling Kentiri kuwi mau dudu jeneng asli. Sejatine jeneng asline yaiku Kijang lan Pilang. Jaman biyene, wong loro mau senengane maling bandhane wong sugih. Kijang lan Pilang dadi maling sing disenengi para kawula cilik. Nanging wong loro mau dadi uber-uberane wong-wong sugih. Kijang lan Pilang seneng maling barange wong-wong sugih lan asil colongane kuwi mau dibadumna marang wong-wong cilik, wong-wong sing mlarat.
Sawijining dina, sukmane ramane Kijang lan Pilang teka lan prihatin meruhi kahanan kuwi. Ramane ndhawuhi putrane loro mau nyepi ana makam Pekuwon. Bareng wis suwe anggone nyepi, Kijang lan Pilang didhawuhi ramane nyuwita marang Kanjeng Sunan Ngerang supaya dadi muride Kanjeng Sunan Ngerang.
Nalika Kanjeng Sunan Ngerang nembe menehi wejangan ilmu marang murid-muride, Pilang malah ndhelik ana ngisor amben lan nalika arep metu saka ngisor amben, dheweke malah kepecak gamparan. Kanjeng Sunan Ngerang gumun meruhi kuwi.
“Lho, kowe iku mau ndhelik ana kono le?”
“Inggih, Ki..”                    
“La sejatine kowe rak ngerti apa sing tak wejangake mau?”
“Nggih ngertos, Ki. Lawong kula nyathet.”
“La apa kowe mudheng?”
“Nggih mudheng, Ki.”
Sidane Pilang diwenehi aran Maling Kentiri, bocah sing senenganene ngentiri ilmu. Lan kakange mau sing aran Kijang, diwenehi jeneng Maling Kapa.
Kanjeng Sunan Ngerang nduweni anak wedok loro, yaiku Roroyono lan Roro Pujiwat. Nalika kuwi Roroyono sing mbarep wis wujud bocah wadon gedhe lan wis ketog ayune. Sajroning patemon kuwi, Roroyono diutus ngetokna wedang lan panganan dening ramane, Kanjeng Sunan Ngerang.
Bupati Pathakwarak Mandhalika kesengsem lan kedanan karo Roroyono amarga banget ayune Roroyono. Bupati Pathakwarak ora bisa nahan nepsune marang Roroyono sing ayu kuwi. Bupati Pathakwarak nyoba ngajak omong Roroyono, nanging Roroyono ora nggubris, Pathakwarak diumbarna. Saya suwe Pathakwarak krasa kisinan lan dheweke duwe niyat ala marang Roroyono kanggo males rasa isine.
Sawise patemon kuwi, murid-muride Sunan Ngerang padha nginep ana daleme Sunan Ngerang. Nalika tengah wengi, Bupati Pathakwarak Mandhalika nyolong Roroyono, arep digawa mlayu menyang Mandhalika, Keling, Jepara. Bupati Pathakwarak nganggo ajian sirep kanggo nyirep wong-wong sing ana ing Kasunanan Ngerang, supaya ora ana sing meruhi tumindake dheweke nyolong Roroyono.
Bareng kabeh wong padha tangi, lagi padha sadhar yen Roroyono ilang. Roroyono ora ana ning kamare. Kabeh wong sadesa ora ana sing ngerti Roroyono ana ning endi. Kabeh muride Kanjeng Sunan Ngerang padha rembugan kajaba siji, yaiku Pathakwarak Bupati Mandhalika. Dheweke ora ana katon bareng karo ilange Roroyono. Para muride Sunan Ngerang padha nyurigani nek sing nyolong Roroyono kuwi Bupati Pathakwarak.
Kanjeng Sunan Ngerang uga njaluk panemune Sunan Muria, muride sing paling tuwa lan dikasihi. Kajaba kuwi, Sunan Muria uga arep dijodhohna karo Roroyono. Sidane Kanjeng Sunan Ngerang nganakake sayembara, sapa wae sing bisa ngrebut Roroyono saka tangane Pathakwarak lan bisa gawa bali Roroyono menyang Panti Ngerang, nek lanang bakal didadekna bojone Roroyono, lan nek wedok bakal didadekna sedulure Roroyono.
Antarane murid-muride Sunan Ngerang mau sing durung duwe bojo yaiku Sunan Muria, Maling Kapa, lan Maling Kentiri. Nanging Sunan Kudus menehi usul nek sing luru Roroyono kudu Sunan Muria. Sunan Muria sidane mangkat arep menyang Mandhalika.
Satengahe dalan, Sunan Muria dicegat dening Maling Kapa lan Maling Kentiri. Maling Kapa kandha marang Sunan Muria, “Jenengan boten usah luru Roroyono. Nek jenengan goleki Roroyono, bakal mbutuhake wektu sing suwe. La kepriye murid-muride jenengan? Wis tak golekane aku wae. Mengko nek wis ketemu, tak aturke jenengan.” Sunan Muria sarujuk lan bali maneh menyang daleme Kanjeng Sunan Ngerang.
Maling Kapa lan Maling Kentiri banjur lunga menyang Kabupaten Mandhalika, amarga Kapa lan Kentiri wis ngerti nek sing nyolong Roroyono kuwi Pathakwarak. Wong loro mau ora duwe rasa wedi arep ngadhepi Pathakwarak sing wis misuwur ilmu kanuragane. Senajan Maling Kapa lan Maling Kentiri kuwi nduweni ilmu kadigdayan sing dhuwur, nanging isih dhuwur ilmune Pathakwarak.
Bareng tekan Kabupaten Mandhalika, jebule tekane Maling Kapa lan Maling Kenthiri wis dingerteni dening prajurite Pathakwarak. Pancene bener sing nyolong Roroyono kuwi Pathakwarak. Dadi perang tandhing adu kasekten antarane Pathakwarak lan Maling Kapa. Nanging sidane Pathakwarak mati.
Roroyono banjur digawa bali menyang Panti Ngerang dening Maling Kapa lan Maling Kentiri. Nanging Sunan Ngerang rada bingung, amarga sing gawa bali Roroyono kuwi wong loro yaiku Maling Kapa lan Maling Kentiri. Banjur Sunan Ngerang nawani Maling Kapa,
Kowe milih bumi Buntar apa Roroyono?
Maling Kapa luwih milih bumi Buntar amarga dheweke mengko bisa dadi Bupati lan Maling Kentiri bakal dadi Patih ana kono, lan miturut dheweke wong wadon iku bisa diluru liya dina. Banjur Roroyono digarwa dening Sunan Muria.
Saya suwe, Maling Kapa krasa gela. Kena ngapa biyen dheweke ora milih Roroyono wae. Sidane Maling Kapa nekat nyolong Roroyono sing lagi ngandhut saka Panti Muria. Nalika kuwi, Sunan Muria lagi sowan ana ing Ngerang karo muride sing jenenge Raden Ronggojoyo. Raden Ronggojoyo kuwi anake Cokrojoyo Bupati Tunjungpura. Muride Sunan Muria matur yen Roroyono dicolong dening Maling Kapa lan Maling Kentiri.
Sajroning patemon ana Ngerang, Raden Ronggojoyo nggodha adhine Roroyono, yaiku Roro Pujiwat sing wis rupa bocah wadon sing wis gedhe. Raden Ronggojoyo nembung marang Sunan Ngerang nek dheweke dhemen marang Roro Pujiwat lan arep nglamar Pujiwat. Bupati Cokrojoyo duka, amarga nalika iku Sunan Ngerang lagi nandhang kasusahan kelangan Roroyono kok Ronggojoyo kepengin nglamar Pujiwat. Iku rak jenenge mbandhung sinang.
Sidane Sunan Ngerang nganakake sayembara maneh sing ditujukake marang Cokrojoyo. Kanjeng Sunan Ngerang jaluk marang Bupati Cokrojoyo supaya gelem jupuk Roroyono lan mateni Maling Kapa. Sunan Ngerang janji bakal nyanggupi kahanan sing ngenani dhaupe Ronggojoyo lan Roro Pujiwat.
Cokrojoyo mangkat lan nglabrag menyang Kabupaten Buntar. Banjur Bupati Cokrojoyo ketemu Maling Kapa. Wong loro perang tandhing lan Maling Kapa tibane kalah. Dheweke mlayu menyang paguron daleme gurune sing manggon ana Pulo Seprapat yaiku Ki Lodhang Datuk sing uga gurune Cokrojoyo kuwi. Gurune dijaluki tambah ilmu lan tambah kekuwatan, nanging gurune ora saguh amarga iku perkara-perkara putri. Ki Lodhang Datuk dipateni dening Maling Kapa. Nanging, sadurunge Maling Kapa mateni Ki Lodhang Datuk, Bupati Cokrojoyo wis melu ngintik ana sisihe panggone Ki Lodhang Datuk. Maling Kapa sidane diantem pusakane Bupati Cokrojoyo yaiku Keris Karawelang.
Bubar diantem Bupati Cokrojoyo mau, Maling Kapa banjur mlayu tekan Juwana nganti tekan Kudukeras, mlayu ngulon ngaup ana ngisor wit growong, sing sidane dijenakna desa Growong. Amarga saking kesele, dheweke leren ana ngisor kreteg cilik. Ana ing kreteg iku mau, kedadeyan Maling Kapa mati. Kreteg cilik kuwi mau saiki diarani kreteg Semaling utawa kreteg Maling sing manggon ana ing desa Bajomulyo. Jasade Maling Kapa dikubur ana ing desa Pakuwon.
Roroyono sing wis ketemu kuwi mau digawa menyang Panti Ngerang dening Cokrojoyo. Roroyono banjur dipasrahna Cokrojoyo marang Sunan Muria, nanging Sunan Muria ana rasa kuwatir. Wektu iku Roroyono meteng tuwa. Roroyono banjur sumpah yen ora tau diapak-apakna Maling Kapa. Sunan Muria tetep ora percaya, amarga ngendi ana maling sing gelem ngaku. Sidane Roroyono njaluk sumpah pati obong. Dheweke bakal mati kobong nek pancen dheweke ora jujur.
Nalika Roroyono diobong, dumadakan sukmane Maling Kapa teka lan ngandhani Sunan Muria, “He Sunan Muria, aja kaget! Aku iki sukmane Maling Kapa. Bojomu Roroyono kuwi, asli, aku ora rumangsa gepok senggol karo bojomu Roroyono. Roroyono isih asli sejati lan isih suci.” Roroyono pancen sidane ora mati kobong, nanging Sunan Muria ya isih ora percaya. Dheweke durung bisa percaya. Sabubare pati obong kuwi mau, Roroyono nglairake anak lanang, lan diwenehi jeneng Sukmayana. 
                    Raden Ronggojoyo nyanggupi nggawa Bojangratu
Raden Ronggojoyo nglamar Roro Pujiwat sing ditujukake marang Sunan Ngerang. Nanging Sunan Ngerang manut marang Pujiwat, Pujiwat gelem apa ora. Banjur Roro Pujiwat kandha marang Raden Ronggojoyo, dheweke gelem dadi bojone Raden Ronggojoyo nanging Raden Ronggojoyo kudu gelem nyaguhi apa sing dadi panjaluke Roro Pujiwat.
Ngendikane Roro Pujiwat,
“Kakang Ronggojoyo, Aku gelem mbok pundhut garwa yen penjenengan kersa nyaguhi apa sing dadi panjalukku.”, mengkono ngendikane Roro Pujiwat.
“Roro Pujiwat sing daktresnani, apa panjalukmu bakal tak turuti angger ora njaluk medhune lintang karo rembulan wae.”, mengkono pitakone Raden Ronggojoyo.
“Aku gelem mbok pundhut garwa angger panjenengan bisa mboyong Bojangratu utawa gerbang Majapahit sing cumandhak ana ing Cirebon, lan sewengi kudu bisa tekan Panti Ngerang. Aja nganti kakang bali menyang Ngerang tanpa gawa bali Bojangratu!”
Raden Ronggojoyo rumangsa kabotan, amarga dheweke manungsa biyasa. Mokal yen dheweke bisa ngangkat Bojangratu sing semono gedhene, sing semono abote saka Cirebon nganti tekan Kasunanan Ngerang namung sewengi. Ananging kepiye meneh, ati wis kebacut tresna.
Sidane Raden Ronggojoyo gelem minangkani apa sing dijaluk dening Roro Pujiwat. Mengkene ngendikane Raden Ronggojoyo,
“Kanjeng Roro Pujiwat, satemene aku kaboten marang apa sing mbok jaluk. Nanging kepiye maneh, aku wis kedanan marang sliramu. Kepiye wae bakal tak ayahi.”
“Kira-kira kakang Ronggojoyo bisa ora nyaguhi apa sing tak jaluk?”
“Iya, bakal tak turuti apa sing dadi panjalukmu, Diajeng.”
Raden Ronggojoyo pamitan marang Roro Pujiwat arep menyang Cirebon. Sadurunge Raden Ronggojoyo mangkat, dheweke diwejang ilmu dening gurune, Sunan Muria, sing rupa ajian syaifi angin sing sak kedhepan wae Raden Ronggojoyo bakal bisa tekan Cirebon. Kajaba iku, Ronggojoyo uga digawani akik sing bisa nambani lara, kanggo jaga-jaga yen ana apa-apa karo Ronggojoyo nalika ning dalan.
Raden Ronggojoyo Bingung
Sawise Raden Ronggojoyo pamitan marang Roro Pujiwat, dina iku uga Raden Ronggojoyo mangkat menyang Cirebon saperlu njupuk Bojangratu. Raden Ronggojoyo mateg aji kawijayan nganggo aji syaifi angin. Ajian sing bisa gawe mlayune Raden Ronggojoyo cepet banget.
Ronggojoyo ngliwati alas-alas sing jerone akeh kewan galak lan akeh memedine. Ana ing alas iku, Ronggojoyo kerep digodha dening bangsa lelembut. Nanging dheweke tetep kuwat amarga wis nduweni tekad bakal nuruti kekarepane Roro Pujiwat. Dheweke perang karo bangsa lelembut kuwi lan sidane Ronggojoyo menang. Bangsa lelembut kuwi mau takluk lan kepara gelem nuduhna papan panggonan Bojangratu. Ronggojoyo dikon lunga menyang ngulon.
Satengahing dalan, Raden Ronggojoyo ketemu karo wong lanang sing penganggone sarwa ala. Rambute nyodrok lan kulite mbengkarok. Wangune pawongan kuwi gawene menyang segara. Amarga Cirebon kuwi dununge ana ing tlatah sakpinggire segara lor. Raden Ronggojoyo takon marang pawongan mau. Mengkene pitakone Raden Ronggojoyo,
“Kisanak, kula badhe nyuwun pirsa. Wonten pundi papanipun Bojangratu menika?”
Pak tuwa mau banjur mangsuli,
“Kowe mlakua ngulon. Sawise kowe ngliwati telung dhusun kono, ya kuwi papane Bojangratu.”
 “Nggih matur nuwun, kisanak.” Banjur pawongan mau ilang musna tanpa dingerteni Ronggojoyo.
Sawise tekan papan dununge Bojangratu utawa gerbang Majapahit kuwi mau, Raden Ronggojoyo banjur njajal ngangkat Bojangratu kuwi. Nanging Bojangratu ora bisa diangkat. Kaya-kaya ana kekuwatan ghoib sing nggandhuli Bojangratu iku mau.
Raden Ronggojoyo banjur semedi manunggalake rasa mateg aji sing bisa ngerti sajroning alam ghoib. Bareng Raden Ronggojoyo wis ngerti sajroning alam ghoib kuwi mau, jebule ana jin loro sing jaga Bojangratu iku mau. Arane jin mau yaiku Kebo Anabrang lan Sapi Anabrang.
Kebo Anabrang lan Sapi Anabrang iku uga bisa ngerti bakale arep ana pawongan sing arep mara menyang Bojangratu. Nanging dudu merga duwe ajian, yaiku amarga dheweke nduweni anthek-anthek rupa manuk gagak siluman sing ngawasi ana sakiwa-tengene panggonan Bojangratu.
Nalika satengahing dalan, Ronggojoyo uga diweruhi siluman gagak kuwi mau. Siluman gagak kuwi ngapusi Ronggojoyo, dheweke ethok-ethok lara amarga bubar kerahan karo kancane lan suwiwine tugel. Ronggojoyo krasa welas, banjur ditulung nganggo akike Ronggojoyo sing bisa nambani larane gagak mau. Siluman gagak banjur takon marang Ronggojoyo, kira-kira yen akike kuwi mau dijaluk entuk apa ora. Amarga yen sawayah-wayah dheweke lara maneh, dheweke bisa nambani dhewe. Ronggojoyo krasa kaya ora sadhar menehake akike kuwi mau marang siluman gagak. Banjur Ronggojoyo nutugake laku nggoleki panggonane Bojangratu.
Siluman gagak kuwi mau banjur miber lan kandha marang jin loro sing nunggu Bojangratu.
“Kebo lan Sapi Anabrang, bakale ana pawongan saka tlatah wetan sing arep teka menyang kene. Dheweke duwe kekarepan sing bakale ora mbok senengi.”
“Apa kekarepane pawongan iku, nuk manuk?”
“Dheweke kepengin gawa omahmu, Bojangratu kuwi.”
“Wah, ora isa.”
Raden Ronggojoyo banjur tekan ana ing Bojangratu, siluman gagak miber ndhelik. Ronggojoyo banjur takon marang jin loro kuwi mau,
“He pawongan, bangsa apa kowe kuwi?”
“Aku jin kang nunggu Bojangratu iki.”
Jin bali takon marang Raden Ronggojoyo,
“Sapa kowe? Wani-wanine ngorak-arik omahku?”
Banjur Raden Ronggojoyo mangsuli,
“Aku Ronggojoyo, putrane Adipati Cokrojoyo, Bupati ing Tunjungpura.”
Kebo Anabrang lan Sapi Anabrang mau isih menthelengi Raden Ronggojoyo sing lagi ngandhakna tujuwane menyang Bojangratu iku. Banjur Raden Ronggojoyo nerusake gunemane,
“Aku arep njaluk Bojangratu iki. Arep tak boyong menyang Kasunanan Ngerang.”
Jin-e kaget, lan banjur mangsuli,
“Aku iki wis puluhan taun ana kene, Bojangratu iki wis dadi omahku. Aku ora sudi yen arep mbok jaluk lan mbok boyong menyang Panti Ngerang. Nanging yen kowe meksa, Bojangratu iki kena kokjaluk, angger kowe bisa nglangkahi mayitku!”, mengkono celathune Kebo Anabrang lan sapi Anabrang ora sarujuk.
Raden Ronggojoyo lan jin loro mau padha perang. Nanging ana ing peperangan kuwi, Raden Ronggojoyo luwih unggul kekuwatane. Sajroning peperangan, sikil tengene Ronggojoyo ditatuni dening jin loro mau. Sikile Ronggojoyo kepidak sikile Kebo Anabrang lan ndadekake aboh gedhi. Jin-e ngaku kalah marang Raden Ronggojoyo. Sidane jin loro mau ngijini yen Bojangratu dijaluk dening Ronggojoyo. Ora mokal yen Ronggojoyo bisa menang, amarga Raden Ronggojoyo kuwi muride Kanjeng Sunan Muria. Perkara jaya-kawijayan wis kegladhi saben dina.
Jin loro sing kalah mau banjur kandha marang Raden Ronggojoyo,
“Tinimbang aku mbok pilara kaya ngene, luwih apik aku mbok pateni wae.”
Raden Ronggojoyo mangsuli,
“Ora. Aku ora bakal mateni kowe sakloron.”
Raden Ronggojoyo ora gelem mateni Kebo Anabrang lan Sapi Anabrang amarga dheweke ngerti yen jin kuwi bisa ngrasakna lara nanging ora bisa mati.
Jin Loro Dadi Budhake Raden Ronggojoyo
Kebo Anabrang lan Sapi Anabrang mau ora langsung dipateni dening Raden Ronggojoyo. Jin loro mau arep didadekna budhake Raden Ronggojoyo, dikongkon ngangkat lan nyeret Bojangratu mau saka Cirebon nganti tekan Kasunanan Ngerang.
Raden Ronggojoyo ngendika,
“Sira sakloron ora bakal tak pateni, nanging sira kudu manut marang aku. Sira sakloron tak kongkon ngangkat Bojangratu iki saka kene menyang Kasunanan Ngerang.”
Jin sakloron padha nyanggupi lan wektu iku uga Bojangratu diangkat dening jin loro mau. Jin-jin mau dipeksa ngangkat Bojangratu mau tanpa diwenehi mangan lan ngombe. Saben jin-e mandheg anggone mlaku lan arep leren, jin-e disabet karo pecut. Sambate jin loro mau nganti ngayawara.
Jin sakloron wis ora kuwat ngangkat Bojangratu kuwi mau nalika tekan alas Pesantenan. Jin sakloron wis ora kuwat apa-apa. Mripate mondol lan ilate mele-mele. Banjur raden Ronggojoyo ngucap ipat-ipat,
“Mbesuk nalika reja-rejane jaman, panggonan iki nek dadi kutha utawa desa tak jenengake Ndole.” mengkono sabdane Raden Ronggojoyo.
Sawise iku, banjur arep diterusake dhewe olehe ngangkat Bojangratu. Diisar-iser dhewe, nanging Bojangratu ora bisa miser amarga Raden Ronggojoyo kuwi mung manungsa lumrah. Nalika iku, srengengene wis mlethek. Raden Ronggojoyo wis pasrah amarga ora bisa nyaguhi apa sing dikarepake dening Roro Pujiwat. Banjur Raden Ronggojoyo bali menyang Kasunanan Ngerang tanpa gawa Bojangratu. Dheweke mung gawa kancing lawange blaka.
Sajroning ndalan sing rupa alas-alas, jebule Ronggojoyo mau ditututi dening siluman manuk gagak sing jaga panggonan sakiwa-tengene Bojangratu. Manuk gagak iku ujug-ujug nyamber Ronggojoyo. Ronggojoyo dicakar-cakar dening gagak. Amarga saking lincahe gagak kuwi, Ronggojoyo kuwalahen. Banjur ana pawongan lanang sing rumangsa tau ditemoni dening Ronggojoyo. Pawongan mau banjur mateni siluman gagak. Dheweke ora nganggo gaman apa-apa, nanging mung nganggo mantra-mantra sing ora dingerteni dening Ronggojoyo.
“Maturnuwun kisanak… Sampun kaping kalih panjenengan nulung marang kula.”
“Iya…”
Nalika Ronggojoyo takon sapa pawongan kuwi, jebule kuwi sukmane Maling Kapa sing memba-memba dadi wong pesisir.
Pujiwat Ilang ning Segelap
Amarga Raden Ronggojoyo wis ora bisa nyaguhi panjaluke Roro Pujiwat, Raden Ronggojoyo mlaku menyang ngetan menyang Pesantren Ngerang karo gawa kunci lawang Bojangratu mau. Banjur Raden Ronggojoyo nemoni Roro Pujiwat sing lagi lelenggahan ana ing pesantren putri sinambi ngenteni rawuhe Raden Ronggojoyo.
Nalika Raden Ronggojoyo sakpejagong karo Roro Pujiwat. Roro Pujiwat ngendika,
“Piye Kakang Ronggojoyo? Apa panjenengan bisa minangkani panjalukku?”
Banjur Raden Ronggojoyo mangsuli,
“Iya bisa. Iki buktine kancing lawange Bojangratu wis ana ing tanganku.”
“Piye ta kakang? Sing tak jaluk rak Bojangratune, dudu kancing lawange.”
Amarga sumpeg atine jalaran ora bisa nuruti apa sing dikarepake Roro Pujiwat, Raden Ronggojoyo banjur nesu. Roro Pujiwat diajar banjur diajag mlayu ngulon. Bareng mlayu ngulon ketranggul kali. Raden Ronggojoyo nututi saka mburi. Sawise Roro Pujiwat wis rada cedhak, kancing lawang sing digawa Raden Ronggojoyo mau diuncalake mak glodhag marang Roro Pujiwat. Sakala kuwi, ana cahya cemlorot “lap!” Roro Pujiwat ilang sanalika.
Dumadakan, sukmane Roro Pujiwat njebol lan kandha marang Raden Ronggojoyo,
“Ronggojoyo, aja dadi atimu! Aku sejatine ora nampik kowe. Nanging aku sejatine iki wadat, ora bakal ngladeni priya saklawase.”
Banjur Ronggojoyo ora krasa susah lan banjur sumungkem marang Roro Pujiwat, lan dheweke nyambung, “E, jebule wadat kowe iku…”
Sabanjure, Ki Ageng Ngerang banjur gawe ipat-ipat,
“Yen mbesuk ing wayah reja-rejane jaman, kanggo pengilinge anak putu, yen panggonan iki dadi kreteg utawa dadi ratan dijenakna kreteg utawa ratan Segelap. Lan maneh, Wali-wali, den eling-eling! Yen ana wong wadon utawa prawan gedhe ora ndang payu omah-omah, nek sasi Ruwah tanggal limalas, nyekara ana pesareane Roro Pujiwat kene iki.”
Raden Ronggojoyo sidane maguru marang Mbah Mutamakkin sing manggon ana ing desa Kajen, Margoyoso. Raden Ronggojoyo diangkat dadi anak murid lan dheweke uga wadat ora bakal kawin selawase. Raden Ronggojoyo entuk gelar Ki Ronggokusuma saka Mbah Mutamakkin, lan saiki dimakamna ana desa Ngemplak Kajen sing saiki makame aran makam Ki Ronggokusuma, wali Ngemplak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar