Minggu, 29 Juni 2014

CONTOH SOAL SD



I.                   Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara ngeping ( X ) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe pratelan kang bener!

Wacan kanggo soal nomer 1
Pak Rudi       : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi                  : ’’Sugeng enjang’’
Pak Rudi       : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi                  : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak rudi         : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’
Edi                  : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa
pak?’’
Pak Rudi       : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen
tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng
Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan
penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’
Edi                  : ’’Senen nggih pak?’’
Pak Rudi       : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun
Mas.’’
Edi                  : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
                                                                  Kapetik saka joko1234.wordpress.com

1.      Isine pacelathon ing dhuwur yaiku . . .
a.       pak Rudi dipunaturi dhateng kumpulan Rt
b.      pak Agus dipunaturi dhateng Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan penyemprotan nyamuk DB
c.       Edi dipunaturi dhateng Yogja saperlu nampi pengarahan penyemprotan nyamuk DB
d.      pak Agus dipunaturi dhateng Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan gawe E-KTP




Wacan kanggo soal nomer 2-3                 

Wawan     : “ Halo, Yosi?”
Yosi          : “ Halo Wan, ana apa  iki?”
Wawan     : “ Ora ana apa-apa, mung arep omong-omongan karo kowe. Apa kowe seneng renang?
Yosi          : “ Ya lumayan, ora seneng banget.”
Wawan     : “ Lha sing paling mbok senengi kuwi kagiatan opo?”
Yosi          : “ Nek aku paling seneng kuwi kagiatan mancing.”
Wawan     : “  Mancing?, mancing ana ngendi?”
Yosi          : “ Ya ana ngendi wae, bisa neng kali, tambak, utawa ya neng laut.”
Wawan     : “ Yos, nek kowe mancing, mesti entuk iwak apa ora?”
Yosi          : “ Ya ora mesti entuk iwak, amarga mancing kuwi ora gampang, kudu duwe kesabaran kang gede. Yen ora sabar ya mestine ora entuk iwak.”
Wawan     : “ O, lha kowe pernah ora wektu mancing ora entuk iwak?”
Yosi          : “ Ya pernah, kuwi wektu aku mancing ning kali banjir kanal. Ora entuk iwak amarga aku kesusu arep diajak lunga menyang daleme simbah ing Surakarta.”
Wawan     : “ Owalah, Yos apa kowe duwe hobi liyane?”
Yosi          : “ Ora, aku ya mung seneng mancing.”
Wawan     : “ O, ya wis Yos nek kaya ngunu, matur suwun ya.”

2.      Tema kang trep kanggo pacelathon ing dhuwur yaiku . . .
a.       kesenengan
b.      pendidikan
c.       kasmaran
d.      kepahlawanan
3.      Pacelathon ing dhuwur iku kalebu . . .
a.       wawancara
b.      sandiwara
c.       nguri-uri budaya
d.      keagamaan

Wacan kanggo soal nomer  4-5

RADEN WERKUDARA

     Werkudara iku putra Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi, kang nomer loro. Werkudara uga dadi peneggaking Pandhawa. Nalika lair kabungkus, kebuntel ari-arine bayi.
     Kaelokaning jagad, bayi kang isih bungkus iku pranyata madal sakathahing gegaman. Manut pamawase Begawan Abiyasa si Jabang bayi bungkus supaya kasingkirake menyang Setra Gandamayit. Dene para sesepuh Ngastina padha sarujuk. Sabanjure, jabang bayi bungkus kelaksanan dedunung ing alas. Bayi bungkus saya suwe saya gedhe. Yen ngglundhung ngiwa nanggor wit gedhe, wite ambruk sanalika. Yen ngglundhung natap watu, watune pecah ambyar sanalika.
     Kedadeyan iki ndayani lan mrebawani nganti tumekaning Kahyangan. Bathara Guru dhawuh marang Bhatara Narada supaya turun ing ngarcapada niti priksa anane gara-gara ing Kahyangan. Tindake gegancangan enggala tekan alas Setra Gandamayit. Ing kono meruhiana bayi bungkus glundhang-glundhung ngiwa nengen nrajang apa bae ajur mumur tan mangga puliha. Bathara Narada dhawuh Gajah Sena supaya mrawasa bungkus kuwi . . . . .
                                         Kapetik saka aku bisa basa jawa 5 kelas V SD/MI
4.      Isining wacan ing dhuwur yaiku . . .
a.       nyritakake laire Werkudara
b.      nyritakake patine Werkudara
c.       nyritakake nikahe Begawan Abiyasa kalih Dewi Kunthi
d.      nyritakake pangurbanan kang dilakokake Bhatara Narada
5.      Werkudara uga dadi panenggaking Pandhawa.
Apa artine tembung panenggak sing ana ukara ing dhuwur?
a.       panemu
b.      anak nomer loro
c.       mbagekake
d.      meksa


6.      Panggung wayang lagi digelar.
Yen ditulis nganggo aksara jawa dadi . . .
a.       ꧎ꦊꦼꦐꦸꦼ ꦇꦁꦙꦶꦈꦃ꧌
b.      ꧎ꦊꦼꦐꦸꦼꦈꦍꦼꦉꦐꦶꦅꦶꦐꦷꦉꦽ꧌
c.       ꧎ꦊꦼꦐꦸꦼꦈꦍꦼꦁꦷꦺꦏꦥꦅꦶꦐꦷꦉꦽ꧌
d.      ꧎ꦊꦼꦐꦸꦼꦅꦼꦅꦸꦆꦿ꧌

Wacan kanggo soal nomer  7-9

Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika. Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
                                                                                    Kapetik saka http://forum.kompas.com/
7.      Wacan ing dhuwur bisa kalebu . . .
a.       karangan
b.      pidato
c.       pacelathon
d.      wacan persuasif

8.      Isi pidato ing dhuwur yaiku . . .
a.       Agustusan ing sekolahan
b.      suronan ing kampung
c.       perpisahan ing sekolahan
d.      ngantenan ing gedung
9.      Tuladha paragrap ing dhuwur, ana ing bagian pidato . . .
a.       pambuka
b.      panutup
c.       isi
d.      cengkorongan

10.  ꧎ꦄꦸꦊꦶꦼꦐꦌꦾꦄꦍꦺꦆꦊꦇꦿ꧌
Wacane ukara ing dhuwur yaiku . . .
a.       gajah gede
b.      kuping gajah amba
c.       kuping gajah kaya tepas
d.      gading gajah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar