Ambengan Sega Kuluban
Ambengan sega kuluban dieler ing
tampah
Diladekake ing pasamuwan
Direncah bebarengan, kroyokan,
rebutan
Ambengan sega kuluban
Ora ana sing ngerti duweke sapa
Kejaba dadi pangane para wayang,
para dhalang
Sing lagi lungguh methingkrang
(kidang lan truwelu, kinjeng lan
kupu
Mung bisa nyawang sinambi ngeleg
idu)
Ambengan sega kuluban, wis gusis
dienggo pesta
Mung kari tampah ngganda amis,
angganda amis
Banjur kanggo bal-balan para
buta!
Bledheg Segara
Kidul
Turiyo Ragilputra
Ambal
Kebumen, Januari 2003
(Panjebar Semangat,
No.14 – Tanggal 5 April 2003)
Micara marang Jaman
Aku isih ngambu gandane banyu
wudlu
Nalika sliramu nyendhal
kendhaline kuda
Ngibarake gendera ngubengi jagad
raya
Ukara-ukara mbrubul kayadene
maewu-ewu panah
Linepas saka gendhewa kontroversi
Gawe wuru para sujana lan ahli
sejarah
Buku endi mengkone sing kudu
ditulisi
Jaman, menyang endi abure
manuk-manuk
Nalika rasa rumangsa wis musna
saka telenge bumi
Lan gegremetan rame-rame mbarang
amuk
Bayi-bayi padha rebutan dolanan
geni
Bledheg Segara
Kidul
Turiyo Ragilputra
Ambal Kebumen,
Februari 2001
(Jaya Baya, No. 2 –
Tanggal 8 September 2002)
Ibu (1)
Ibu,
Iki parak esuk
bangbang sumirat jingga
wis wancine wekel makarya
coba pirsanana
piring dhepyah uwuh mblasah
njaluk gawemu dina iki
apa ta endah impenmu wektu iki
rentengan gelang kalung lan
peniti
utawa Hongkong Paris lan Itali?
Ibu,
Putra wayah wis gumregah
Ngolah kebon tegal sawah
Geneya sliramu katrem ing
donyaning sinanjung?
Ibu,
Ayo enggal wungu
Aja angler
Kaya tledhek nembe wuru
Kidung saka
Bandungan
Rini Tri
Puspohardini
2003
Yen Ana Gela
Kaya wis lumrah
Yen wengi sinusul rina
Mula yen kalakala ana gela
Mesthine ana sing luput saka
panggantha
Geneya nangisi keplasing wektu
Senajan mangkua sawengi natas
Rembulan tatu kuwi dudu duwekmu
Aja getun aja nggagas
Ana teka ana lunga
Wayahe purnama
Tibane malah grahana
Mula saiki sadurunge rina
Tumengaa menyang akasa
Sawangen rembulan kae
Lilingen endah lan keplenge
Kidung saka Bandungan
Rini Tri
Puspohardini
2003
Uluk Salame Srengenge
Srengenge wis dhedhem-dhedhem
Nggugah esuk kang isih ngantuk
Lakune glendheh-glendheh
Kaya temanten anyar
ngenggar-enggar
We lha, kok isih padha nglipus
turu
Kaya wong-wong kang lagi wuru
Mendem miras lan narkoba
Ayo tangi enggal tumandang
Selak ditinggal wektu mlayu
mblandhang
Kaya jaran ucul negar-negar
Iki wis esuk pajar
Esuke panguripan anyar
Nggelar reformasi
Kang ora mesthi ana ing saben
sasi
Lan saben warsi
Srengenge wis glendheh-glendheh
Saka wetan ngajak cancut
bebarengan
Mbengkas karya kang ngedap-edapi
Kanggo urip kang ngglenter moncer
Aja pijer kagol lan rewel
Kaya taun-taun kapungkur kang
kathether
Geguritan Abang
Branang, Rachmat Djoko Pradopo, 18 Februari 2000
Para Mitrane Wengi
Wengi banget sumanak ngaruh-aruhi
Ngajak para kadange wengi
Turu ing pojok-pojok kapencil
Sanajan gumrumunge lemut lan
jingklong
Lan sawatara ganda apeg nduleg
Ganda humus kang nyuburake suket
Lan tanduran alasan
Wengi ngajak para kadange ngaso
Nanging dheweke lan kanca-kancane
Isih kudu nyukupi
Kabutuhan mangan lan urip liyane
Kanggo dina iki lan sesuk esuke
Embuh ana tumpukane uwuh
Utawa sadawane ril sepur
Utawa ing ngendi bae
Nanging wengi ora kasil mbujuk
turu
Kanthi adhem lan nggameng petenge
Nganti esuk ngatonake raine
Geguritan Abang
Branang
Rachmat Djoko
Pradopo
17 Desember 2000
Wengi Saya Mencit
Wengi saya mencit
Kaya pucuke wit cemara lungit
Nglayut yen dirasa
Rasane saya nalangsa
Wengi napaki sepi
Sepine swasana kang suwung
Mung ing pikir kang temlawung
Kelingan kang ora-ora gawe
bingung
Wengi saya mencit
Ora teges mripat kudu turu
Nadyan wis ngantuk
theklak-thekluk
Gawean isih matumpuk-tumpuk
Wengi saya mencit
Wektu saya merit
Ati kaya dirujit-rujit
E, ya amit-amit
Wong isih kepengin urip
Nadyan urip mung gadhuhan
Sawektu-wektu bisa dipundhut
Sing Kagungan
Geguritan Abang
Branang, Rachmat Djoko Pradopo
12 Januari 1993
Wis Tuwa
Planit kang kita enciki iki
Wis gruyah-gruyuh tuwa
Marga umur lan kasangsaran
nglantur
Tansah adus kringet, getih,
Lan dosa-dosa
Nanging, kianat kok ora tau
mendha
Tansah nancepake glathi saka buri
Ing jantung-jantung panguripan
iki
Tangan-tangan kang tansah tumenga
Tansah tanpa guna gegodres
Lan getih tansah nelesi glathi
Lancipe pedhang lan bumi kebes
Luh tansah dumrojos deres
Tanpa guna nelesi bumi kinasih
iki
Geguritan Abang
Branang
Rachmat Djoko
Pradopo
2 April 1968
Rembulan Ing Plataran
Rembulan saiki wis kijenan ing
plataran
Bocah-bocah dolanan wis ora
gumerah
Padha nonton Teve lan dhangdhutan
Rembulan saiki wis kijenan
Malah jangkrik bae wis ilang
engkrike
Kodhok-kodhok kang tetabuhan
Saiki wis ora ana baneke
Padha kena endrin lan DDT
Rembulan saiki wis kijenan
Plataran-plataran sepi
Malah bocah-bocah kothekan bae
Saiki wis ilang baneke
Rembulan kari kelop-kelop
dhewekan
Geguritan Abang
Branang
Rachmat Djoko
Pradopo
7 Agustus 1991
Lingsir wengi
Angin mecaki wengi
Nalika godhong-godhong wis padha
turu
Kabeh wis kebyukan impen
Mung awak ingsun kang isih
sendhen
Gelik-gelik ing teras dhewekan
Lurung mamring tanpa sabawa
Nambah nglanguting pangrasa
Mungguh langgenge urip iki
Nganti kapan, sapa ta ngerti
Pancen kabeh iku nggembol wewadi
Kang manungsa ora bisa nduga
Angin mlangkring ing pang
blimbing
Sapa ngerti apa kang bakal dumadi
Iku panganyuting ati
Tan jenjem nganti lingsir wengi
Mung aku dhewe kang isih nuguri
sepi
Geguritan Abang
Branang
Rachmat Djoko
Pradopo
Mei 1992
Jaman Reformasi
Wis-uwis saiki ora ana bendara
Sinembah para kawula
Wis-uwis aja tansah sendika
Sakersa paduka kula manut
Kula ndherek paduka
Wis-uwis aja pasrah panguwasa
Aja sumangga ndara
Lageane wong dhisik, kuna
Jaman reformasi
Wis-uwis le demonstrasi
Aja lelandhesan demokrasi tanpa
wates
Reformasi ora mung kuwi
Sing penting sing ngerti
Nekad bela rakyat
Njejegake bangsa
Gemah aripah tata tur raharja
Moncere nagara Indonesia
Mumbul ing manca praja
Pak Yasa Carita
Pitik
Lagi wae babone betog-betog
ngendhog
Kukuruyuk jagone kluruk esuk-esuk
Kiyeg-kiyeg kuthuke padha blayon
Pitik wulune katon gilap mengkilap
Seger-seger tur lemu
thipluk-thipluk
Sing duwe pitik kumalungkung
Lha pakan ora gothang
Esuk dhedheg, sore jagung
Kandhang resik sarta apik
Lo, ngglethak ndadak
Seyekti nyala wadi
Kabeh pitike mati
Nggegirisi tumindakmu
Culika
Kowe nggegerake jagad
Kae sakampung buntung
Bendarane pitik melu mati
Kena flu burung
Pak Yasa Carita
Elinga
Ing tengahing ara-ara…
Bledug ngampak-ampak
Dak sawang ombak ing samudra
Kang bisa gawe cilaka
Yen duka,
bisa tambah sengsara
Ati tambah nalangsa
Bandha donya bisa onya
Eling ta!
Prahara Tsunami ing Aceh
Omah bisa kerem
Omah bisa kesilem
Apa Gusti wis duka?
Ora perlu wangsulan
Wangsulane ana jroning nala kita
Mula, elinga
Ayo ngabdi, sadurunge ditimbali
Rawat Supratikno
Bantul, pungkasan
Juli 2010
Udan
Mendhung mentiyung ngemuli langit
Mahanani swasana dina
Dadi peteng nambahi sumpeg
Hawane adhem, angine ngebes
Sinamber gelap gebyaring thathit
Gumaleger swaraning sang gurnita
Gumuruh ngebaki jagad raya
Mangsa rendheng udan ngecimpleng
Anyandhet gangsaring pra kadang
jroning makarya
Kari mung lungguh dheleg
Sangga uwang ngrenggani kursi
kang sepi
Ana jroning bale wisma
Ati umeg,
Kaprawasa kurdhaning karep
Udane ngrecih nambahi ardhaning
greget
Saya suwe tansaya jengkel
Mripat sepet krasa ngantuk
Nyamber kemul mapan mlungker turu
Gumlendhang ngrangkul guling
Agus Sulton
Sun Gurit
Watake wong kampung jati
Setiti angati-ati
Wani gawe wedi juti
Tresna mring janma sesame
Bawa laksana berbudi
Lega lila trusing budi
Tuhu maring sakeh janji
Bekti gusti yayah wibi
R. Intoyo
Langgeng
Yen sira takon
Dina wangsulingsun
Cetha tan bakal kawangsulan
Awit somah sun klebu jejer
Memunjer ngosik panguripan kang
Kukuh tan jugrug kahorek lindhu
mawindu
Yen sira mlenggong karana
Playon sun klakon ngliter jagat
Tan krenggosan nggon nata napas
Kiranen dhewe wirama palarane
Awit satuhune jumbuh sun dadi
Ngraton ing dat sipat kang
Tan pedhot dening tembung
ngakerat
Wong Agung
Budi Palopo
1995
Kembang Lambe
Ana kembang lambe, mekrok dadi
Pethetan banger ing sadawane
pager
Ana kembang lambe kang
Ngundang tekane laler-laler ijo
Nalika bocah wadon-mu
Dolanan anak-anakan
Ana kembang lambe dirubung laler
ijo
Nalika dak rungu kidung tangisan
Golekan, kae golekane sapa
Yen sira tansah dadi golek-golekan
Ingsun mengko entek mimis pira
Wong Agung
Budi Palopo
1996
Wiji Thukul
Nalika wiji thukul, dadi
Suket teki kang
Mbarengi plethek srengene
Akeh klongsong mimis ganda amis
Gemlethak ing lemah perdikan
Nalika wiji thukul, dadi
Suket kang ngruket klongsong
mimis
Akeh uler keket rupa ijo,
rerambatan
Nedya ngrusak lung bangsa tumuwuh
Nanging, nganti seprene
Srengenge sih bisa mlethek
Ngemu daya panguripan
Kanggo bangsa pasuketan
Wong Agung
Budi Palopo
2003
Madyaning
Bebrayan
Ing madyaning bebrayan
Ora katon endi kang nyata endi
kang udu
Akeh sing tetumpakan turangga
Ananging
Wismane kagedhen empyak kurang
cagak
Ana sing katon ora pakra jebule
bathok bolu isi madu
Jeneng janma mono tan kinira
Ana sing seneng tangane nang dhuwure
tangane liyan
Iku kang prayoga
Awit bandha kang sejati yaiku
sing diwehke liyan
Undhuh-undhuhane ing alam wusana
Bandha kang dienggo dhewe
Bakal ditinggal
Chahyo
Kotagede, April
2011
Geguritan iki, gurite sepi
Ing
ngendi geguritan iki bisa dak titipake
Jer
kahanan wus ora nyawisake papan
Tembung
- tembung edipeni
Trima
sinampirake ing mega malang
Ora
akeh maneh sing setya nganthi
Utawa
ngonceki manik-manik ing sajrone
Dalah
trima sinawang minangka
Ukara
mati
Geguritan
iki
Saderma
guritan sepi
Ukara
kang rinoncen awit kehanan
Kang
mingget ati…
Yen
ati tumlawung
Guritan
lagi komanan papan
Yagene
mengkono?
Emmmh,
Ora
ana wangsulane
Mung
enebe ati kang bisa mangsuli
Surtikanti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar