KI
AGENG PANDANARAN II
Ki
ageng Pandanaran duwe jeneng asli yaiku Pangeran Mande Pandan, minangka putra
saka Kanjeng Gusti Pangeran Harya Madya Pandan (Syeikh Maulana Ibnu Abdus
Salam). Pangeran Harya Madya Pandan kuwi uga keturunan sultan Demak II (Pati
Unus) ingkang kagungan julukan Pangeran Sabrang Lor. Ing sawijining wektu,
Pangeran Harya Madya Pandan nate digadhang-gadhang kaliyan para petinggi
kerajaan Demak dados penerus saka Pati
Unus. Nanging Pangeran Harya Madya Pandan ora kersa amarga panjenengane ora
mbanget-mbangeti anggone mikir kasugihan lan kekuwasaan. Mula, Pangeran Harya
luwih milih ninggalake kawasan kerajaan Demak lan meguru marang Sunan Ampel ing
Surabaya, Jawa Timur. Saka gurune, yaiku Sunan Ampel, Pangeran Harya Madya
Pandan kang kagungan gelar Ki Ageng Pandanaran didhawuhi dening Sunan Ampel
supaya dakwah ajaran Islam ana ing Demak lan sakupengane. Lajeng, kanthi
sengkut lan permati, Ki Ageng Pandanaran ngrombaki struktur tanah ing sekitaran
kana lan nyebarake ajaran agama Islam.
Amrga dhaerah kuwi dirombak utawa di bubak, mula dhaerah kuwi dijenengi
‘Bubakan’.
Ana
ing Demak, Ki Ageng Pandanaran kekancan raket lan kagungan rasa tresna asih
kekadangan karo Sultan Demak. Mula, Sultan Demak banjur maringi saperangan
tanah kekuwasaan ana ing sawijining dhaerah kang durung duwe jeneng. Ki Ageng
Pandanaran banjur sinandhingan karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng Pandanaran durung pirsa apa jenenge wilayah
kono, banjur papan kono diparingi jeneng Semarang, kang nduweni teges aseme
arang-arang, merga ing papan kono pancen ana akeh wit asem kang thukul
arang-arang, saengga papan kono diarani Semarang. Ki Ageng Pandanaran banjur dadi Bupati ing
kabupaten Semarang, kagungan putra aran Pangeran Mangkubumi. Pangeran
Mangkubumi bagus pasuryane, pawakane gagah pideksa, lantip manahe, lan becik
bebudene. Pangeran Mangkubumi nate tindak dhateng Semarang sisih kidul lan
panjenenganipun maringi jeneng daerah nggih menika Tembalang saking kadadeyan
tuk sanga ingkang banyune mili kathah sanget lan sampun bola – bola
dipuntambal. Tembalang adhedasar saking tembung “tambale ilang”.
Langit kabupaten Semarang
ora kaya biyasane, dina kuwi mendung lan swara – swara kewan sing biyasane
padha sumaur ora krungu nambahi anyepe dina kui kaya – kaya alam uga ngrasakke
arep ana kadedayan, dina kuwi Ki Ageng Pandanaran tilar donya. Sakdherengipun Ki Ageng Pandanaran seda, Ki
Ageng Pandanaran ngendika dhateng Pangeran Mangkubumi inggih menika supados
bisa nyepeng pamrentahan kanthi sae lan boten supe dhateng agama lan
kuwajibannipun. Nalika Ki Ageng Pandanaran seda, Pangeran Mangkubumi dadi
Bupati ing kabupaten Semarang, nggenteni ramane. Pangeran Mangkubumi diwenehi
gelar “Ki Ageng Pandanaran II”. Wis pancen mangkono
pantese, Pangeran Mangkubumi luwih duwe hak marang kabupaten Semarang tinimbang
rayine.
Ing sawijine
wektu, Ki Ageng Pandanaran II nandang tresna marang
salah sawijine santri kang ana ing pesantren kono. Santri kuwi banjur digarwa
dening Ki Ageng Pandanaran II, lan dadi sandhingane
kang setya tuhu ngancani urip lan perjuwangane Ki Ageng Pandanaran II.
Pangeran Mangkubumi
utawa Ki Ageng Pandanaran II anggone
nyepeng pamrentahan ing kabupaten Semarang becik banget. Panjenengane bisa
njaga kamakmuran lan katentreman kabupaten Semarang, babagan sandhang lan
pangan ing wilayah kabupaten Semarang uga banget digatekake. Rakyat tresna
banget marang pimpinane, yaiku Ki Ageng Pandanaran II. Semono uga, Ki Ageng Pandanaran II uga misuwur karo kelantipane ing babagan agama,
panjenengane uga asring maringi khotbah Jumat lan mandegani pondhok pesantren
ing kabupaten Semarang, saengga kabupaten Semarang dadi wilayah kang subur, makmur, ora kurang sandhang pangan, aman, tentrem, lan agamis.
Pirang-pirang taun
anggone Ki Ageng Pandanaran II nyepeng pemrentahan
ing kabupaten Semarang lan ndadekake kabupaten Semarang nagara kang subur
makmur lan santosa, Ki Ageng Pandanaran II
limpah-limpah bandha donya. Saben dina bandha donyane sansaya akeh,
panjenengane wis sansaya kablasuk ing babagan gebyaring donya. Saya dina sing
digatekake mung urusan golek bandha donya. Kepengine mung dadi wong sugih lan
tambah sugih, nanging sipat-sipat luhur sing dhek biyen diduweni saiki dadi
ilang. Manungsa kuwi pancen sarwa ora mesthi, bisa maleh dadi apa wae. Ki Ageng
Pandanaran
II wis ora patia preduli
babagan urusan agama, pondhok pesantren sing biyen dipandhegani saiki wis ora
diurusi. Yen dhek biyen saben dina Jemuwah
mesthi kersa ngisi khotbah Jumat saiki wis ora tau, kepara malah wis
arang-arang ngambah mesjid.
Rakyat dadi prihatin
ngreti sipate ratu junjungane kang maleh dadi kaya mangkono. Ki Ageng
Pandanaran II
asring lali marang kuwajibane
ngemban titah nagara, ngurus pesantren, lan panggonan-panggonan ibadah. Sing
diurusi mung awake dhewe karo garwane, lan bandha donyane kang limpah-limpah
kuwi. Rakyat rumangsa banget sedhih lan prihatin.
Kahanan iki uga sumebar
tekan kerajaan Demak. Sultan Demak Bintara wis pirsa kahanan kabupaten Semarang
lan kalakuwan ala Ki Ageng Pandanaran II.
Iki uga ndadekake prihatine Sri Sultan Demak Bintara. Banjur Sultan Demak
Bintara ngutus dhumateng Sunan Kalijaga saka Kadilangu kanggo ngemutake Ki Ageng
Pandanaran II
supaya kemutan maneh
babagan kepentingan akherat, lan supaya Ki Ageng Pandanaran II ora keblasuk sansaya adoh ing babagan gebyaring
donya.
Ing sasuwene mlampah
menyang Semarang, Sunan Kalijaga mikir kepiye carane supaya bisa ngemutake Ki Ageng
Pandanaran
II kanthi cara sing
paling ampuh. Banjur Sunan Kalijaga duwe pemikiran kanggo nyamar dadi pengemis
tuwa sing rupane ala lan klambine reged. Nalika ketemu karo Ki Ageng Pandanaran II, Sunan Kalijaga nyuwun sodaqoh marang panjenengane.
Ananging, Ki Ageng Pandanaran II malah nindakake laku
kasar lan ora sopan marang pengemis kuwi.
Ki Ageng Pandanaran II pancen wis dadi congkrah lan kikir mecukil. Sipate
ala ora kena ditiru. Ora gelem ngamal lan mbentak-mbentak wong tuwa. Kuwi sipat
kang banget alane. Ki Ageng Pandanaran II
banjur mlebu ing daleme sinambi nggresula
merga katekan pengemis tuwa mau. Sang garwa sing ngereh-ereh Ki Ageng
Pandanaran
II supaya mendha anggone
muring-muring prekara pengemis mau.
Satengah-tengahing sore
kang endah, ing ngarep daleme Ki Ageng Pandanaran II,
Sunan Kalijaga sing wis salin rupa dadi tukang suket utawa bakul suket nganggo
ageman sing lusuh pating sliwir ora karuwan nawani suket ing daleme Ki Ageng
Pandanaran
II. Ananging, kaya
padatane, Ki Ageng Pandanaran II malah kasar marang
bakul suket iku. Mula, banjur bakul suket kang satemene Sunan Kalijaga iku
ngandhani Ki Ageng Pandanaran II supaya ngrubah laku
ala lan takabur
sing marai lali marang
ajaran agama Islam. Ki Ageng Pandanaran II ngrasa
jengkel karo sikape bakul suket kang kumawani kuwi. Panjenengane banjur
muni-muni lan ngusir bakul suket mau kanthi laku kasar. Ananging, bakul suket
kuwi mau ora gelem lunga, malah dheweke malah ngandhani Ki Ageng Pandanaran II maneh. Dheweke kandha menawa bandha lan harta kang
diduweni Ki Ageng Pandanaran II isih kalah akeh karo
bandhane dheweke.
Ki Ageng Pandanaran II rumangsa banget diece, rumangsa dilecehake,
panjenengane wis wiwit ngliwati bates kesabarane manungsa. Rasa murka lan duka
kacampur dadi siji kaya kudu mbledhos-mbledhosa. Banjur, Ki Ageng Pandanaran II kanthi emosi takon marang bakul suket kuwi, apa
kang njalari dheweke wani muni luwih sugih katimbang Ki Ageng Pandanaran lan
apa buktine.
Sunan Kalijaga ora
enggal mangsuli. Panjenengane malah nyepeng pacul lan wiwit maculi lemah ing
sangisore. Alon nanging mantep, lemah kang dipaculi kuwi wiwit tuwuh tanduran
sing sansaya gedhe. Saking cepete anggone tuwuh, tanduran kuwi nalika ceblok
langsung tuwuh dadi wit gedhe lan metu wohe. Ndadekake kagete manah Ki Ageng
Pandanaran
II, yen jebul wit kuwi
nduweni woh-wohan arupa mas. Mas kang nyata. Tuwuh gumrandhul minangka wohing
wit kuwi. Ki Ageng Pandanaran II meh wae ora percaya
mirsani kadadeyan kuwi, banjur panjenengane sadhar, lan mbalik nyebut asma
Gusti maneh.
Ki Ageng Pandanaran II dadi ajrih lan nyuwun pirsa, satenane bakul suket
kang lagi jumeneng ing ngarepe kuwi sapa? Kok bisa sakti mandraguna kaya kuwi?.
Kanggo mangsuli pitakone Ki Ageng Pandanaran II mau,
Sunan Kalijaga mungkasi penyamarane, panjenengane banjur ngaku, yen sejatine,
panjenengane kuwi Sunan Kalijaga kang sekti lan ahli ilmu agama.
Sawise pirsa menawa
bakul suket kuwi mau satenane Sunan Kalijaga kang sanget sektine lan jero ilmu
agamane, Ki Ageng Pandanaran II banjur sadhar lan
nyuwun marang Sunan Kalijaga supaya
kersa ndadekake Ki Ageng Pandanaran II
minangka murid. Ki Ageng Pandanaran II kepingin
bali maneh dadi kawula Gusti kang taat marang ajaran agama Islam lan ora bakal ngurusi bandha lan pangkat ing donya maneh.
Banjur sunan
Kalijaga ngutus marang Ki Ageng Pandanaran II, yen kepengin dadi muride kudu
gelem nglakoni perintahe. Yaiku ngumbara tumuju ing kidul tanpa kanca lan tanpa
bandha sarta nyebarake ajaran Islam ing panggonan sing dituju. Ki Ageng
Pandanaran II nyembadani apa sing dadi syarate supaya bisa dadi muride Sunan
Kalijaga. Ki Ageng Pandanaran II ngumbara tumuju kidul Jawa tanpa dikancani
sapa sapa lan tanpa bandha apa – apa.
Nanging, tanpa
sapangertene Ki Ageng Pandanaran II, jebul Nyi Ageng Pandanaran nututi lungane
garwane. Ing satengahing dalan nalika nututi Ki Ageng Pandanaran II, ana begal
sing nyegat Nyi Ageng Pandanaran amarga begal kuwi ngerti yen Nyi Ageng
Pandanaran nggawa mas - mas an sing diumpetke ing tongkate sing digawa. Begal
sing dipandhegani dening Syekh Domba ngancem marang Nyi Ageng Pandanaran supaya
nyerahake bandha sing digawa ing tongkate. Banjur Nyi Ageng Pandanaran njerit
amarga wedi marang begal mau. Ki Ageng Pandanaran II sing ana ora adoh saka
panggonan kono, krungu jeritane wong wadon lan mara ing panggonan begal mau.
Nalika ngerti yen wong wadon kuwi jebul garwane, Ki Ageng Pandanaran II kaget
lan rada nesu amarga dheweke ditutake dening Nyi Ageng Pandanaran.
Ki Ageng
Pandanaran II nulung garwane sing arep dibegal, nanging dheweke malah kena tatu
saka begal sing arep natuni Nyi Ageng Pandanaran. Kanthi kasektene Sunan
Kalijaga, Ki Ageng Pandanaran II ditulung lan bisa ngalahake begal lan
kanca-kancane. Nanging, Ki Ageng Pandanaran II tetep wae nesu marang Nyi Ageng
Pandanaran amarga ngetuti pangumbarane Ki Ageng Pandanaran II tanpa
sapangertene. Mula panggonan ing kono mau kanggo ngenang kedadeyan sing ora
kepenak kuwi dijenengi Salatiga, saka tembung “salah” lan “tiga”. Kedadeyean
ora kepenak kuwi pancen salahe wong telu, yaiku Nyi Ageng Pandanaran, begal
,lan Ki Ageng Pandanaran II.
Banjur Ki Ageng
Pandanaran II nerusake pangumbarane lan saiki wis dikancani dening garwane.
Nasibe begal mau akhire dadi muride Ki Ageng Pandanaran II, banjur diutus Ki
Ageng Pandanaran II supaya melu ngajarake agama Islam ing gunung Jabalkat lan
sekitare. Syekh Domba kanggo ngabdi marang Ki Ageng Pandanaran II, dheweke lila
dadi sendang kanggo masjid ing sekitar gunung Jabalkat. Nalika wis tekan gunung
Jabalkat, Ki Ageng Pandanaran II kasil anggone ngajarake ajaran Islam ing
sakupengan kono. Akeh warga sing padha seneng marang sikape Ki Ageng Pandanaran
II sing santun lan wicaksana.
Ngrasa ana sing bisa dadi panutan kanggo warga, akhire
padha takon satemene Ki Ageng Pandanaran II kuwi sapa ? lajeng Ki Ageng Pandanaran II ngaku
yen dheweke kuwi satenane Bupati Kab. Semarang sing nembe kautus dening Sunan
Kalijaga supaya bisa eling marang Gusti lan ora mentingake urip duniawai.
Ngerti jatidiri asli saka Ki Ageng Pandanaran II, para warga ngaturake sembah
sujud dhumateng panguwasa Kab. Semarang kuwi.
Ki Ageng
Pandanaran II kaitung wis kasil anggene ngumbara, yaiku bisa ngajarake ajaran
agama Islam lan wis bisa ora banget-banget anggene mikirake donya. Lajeng Sunan
Kalijaga ngangkat Ki Ageng Pandanaran II dadi muride lan bali maneh ing
Semarang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar