Minggu, 29 Juni 2014

ASAL-USUL SAMPANGAN



ASAL-USUL SAMPANGAN

            Dhek jaman semana, ing sawijining daerah, ana laut kang amba banget. Durung ana kauripan ing daerah kono. Amung laut sing amba banget kang bisa disebrangi kapal-kapal gedhe wira-wiri menyang daerah-daerah sing arep dituju. Kayata kapal gedhe kang arep dagang, lan arep nyebarake agama sing digawa para saudagar utawa sunan-sunan. Suwe-suwe laut kuwi dadi pantai amarga nyusut, laut e minggir. Mula saka kuwi ing derah kuwi dadi kaya pelabuhan, akih sing pada mandeg ning kono. Ana sing mung mampir lan uga ana sing pancen arep mandeg ing kunu. Daerah kuwi dadi rame banget wong kang pada teka saka ngendi-gendi, contone ana sing saka cina, arab, india lan sapanunggalane. Wong-wong sing ana ing kunu ora mung mampir lan madeg tok, ing kunu, wong-wong kang mandeg kui uga ana sing pada dagang lan nyambi nyebarake agama sing digawa saka daerahe kana. Agama sing digawa yakuwi agama islam lan tiong hoa. Agama kuwi nyebar nganti ing endi-endi terutama ing daerah pelabuhan.
            Nalika kuwi ing daerah kuwi sing dadi pelabuhan yakuwi ing daerah gedung batu, kuwi bisa dibuktekake anane jangkar gede ing daerah kuwi. Amarga daerah gedung batu dadi pelabuhanne mangka wong kang sing pada dagang arep ing daratan kudu migunakake prau cilik utawa sampan, supaya tekan ing daratan. Kabeh kagiyatan kang dilakokake ing daerah kono memang nganggo sampan kabeh, arep lunga nganggo sampan, dagang nganggo sampan, blonjo nganggo sampan, sekabehe mesthi nggunakake sampan, amarga pancen dhisik ing kunu isih banyu kabeh dalane. Mula saka sekabehe kagiyan sing dilakokake migunakake sampan, daerah kuwi suwe-suwe dijenengi sampangan. Amarga pancen jaman dhisik ora ana motor utawa mobil, jaman durung maju, lan apa maneh daerah e isih banyu tok-tokan kaya mengkana kuwi. Mula nganti saiki daerah kuwi disebut sampangan sing saka tembung sampan utawa prau cilik kanggo transportasi saben dinane.

1 komentar: