TUGAS AKHIR TES BAHASA
REVISI SOAL
Oleh:
Yuniar Endah Sukmawati
2601422008/01
2011
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2013
SOAL
LATIHAN SEKOLAHH MENENGAH ATAS
TAHUN
PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XII/I
Hari/tanggal : Selasa, 3 Desember 2013-11-28
Waktu :
I.
Wenehana
tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarepe wangsulan kang bener!
(Wacanen ing ngisngsor
iki kanggo mangsuli no 1-5)
UPACARA ADAT
Bebrayan
Jawa duwe maneka warna upacara adat. Salah sijine yaiku upacara ruwatan.Upacara
ruwatan yaiku upacara adat ngruwat/ngilangi sukerta. Sukerta iku rereged urip
tumprap bebrayan sing percaya. Ing dhaerah liyane ana upacara kang gawe
resiking jiwa lan raga kang diarani tolak balak. Sejatine sing butuh diruwat
ora mung bocah sing klebu golongan sukerta, nanging uga panggonan kang diyakini
ana kang mbaureksa uga butuh diruwat supaya ora marakake tibane korban jiwa.
Ing bebrayan Jawa ana kang diarani
gugon tuhon. Gugon tuhon kena kaperang dadi loro, yaiku wasita sinandi lan
bocah sukerta. Dene bocah sukerta dhewe uga beda-beda. Ana kang dadine amarga
kodrat lan amarga karepe bocah kayata kasebut ing ngingsor iki.
a. bocah
ontang-anting yaiku anak mung siji lanang utawa wadon ora duwe tunggal
b. boah
uger-uger lawang yaiku anak lanang loro
c. bocah
kembang sepasang yaiku anak wadon loro
d. bocah
kedhana-kedhini, anak loro lanang wadon, utawa wadon lanang.
e. sendhang
kapit pancuran yaiku anak telu sing wadon ana tengah(lanang, wadon, lanang) lan
sapanunggalane.
Miturut
gogon tuhon Jawa bocah sukerta ing ndhwur mau dadi jatah pangane Bhathara Kala.
Bhathara Kala iku resaksa sing gedhe nggegirisi anake Bathari Durga. Mula murih
slamet kudu diruwat (diresiki) dhisik. Ana ing upacara ruwatan bocah sing arep
diruwat, wong tuwane, tangga teparo, sanak sedulur padha nglumpuk. Bocah sing
diruwat kudu adus kramas banjur nganggo pengganggonsarwa putih kaya dene wong
ngango ikhrom. Ana ing ruwatan kasebut lumrahe kanthi nanggep wayang lakone
murwakala. Ki dhalang banjur ngruwat kanthi ngethok rambute sing diruwat.
Rambut mau diwadhahi bokor bamjur dilarung. Sajroning upacara mau kabeh padha
ngeningake cipta, serta padha nyenyuwun murih kabul panyuwune adoh saka rubeda
cedhak karo rejeki.
1. Upacara
apa sing dirembag ana ing wacan nduwur...
a. upacara
temon
b. upacara
panggih
c. upacara
ruwatan
d. pacara
mitoni
e. pacara
siraman
2. Ing
brebayan Jawa gugon tuhon kaperang dadi pira lan apa wae...
a. 1,
bocah sukerta
b. 2,
wasita sinandi lan bocah sukerta
c. 2,
wasita sinandur lan bocah sukerta
d. 3,
bocah sukerta, wasita sisandi lan bocah ontang-anting
e. 2,
wasita sinanti lan bocah kendhana-kendhini
3. Anak
telu sing wadon ana tengah diarani...
a. bocah
kembang sepasang
b. bocah
ontang-anting
c. bocah
uger-uger lawang
d. bocah
sendhang kapit pacuran
e. bocah
kendhana-kendhini
4. Ing
upacara ruwatan sapa wae sing kudu nglumpuk
ing acara, kajaba...
a. wong
tuwane
b. sanak
sadulur
c. tukang
cukur rambut
d. tangga
teparo
e. bocah
sing arep diruwat
5. “Rambut
mau diwadhahi bokor banjur dilarung”
apa tegese tembung sing kacetak miring...
a. diuncalake
b.diwadhai
c.dikelikake
d.dipindhah
e.diedol
(Wacanen
ing ngingsor iki kanggo mangsuli no6-9)
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun, puji
pangestu ing ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kanugrahan satemah
penganten kakung sapangombyong saged sowan mriki kanthi kebak ing kaharjan.
Nuwun, ingkang
satuhu kinurmatan Bapak Sodik, minangka sulih sariranipun Bapak Eko sabrayat,
kula Atmo, ingkang sinaraya panjenenganipun Bapak Irawan sakulawarga, minangka
sesulih raga badaling wicara kaperang matur saha nyuwun palilah medharaken
wigatosing sedya.
Sowan kula mriki
hanganthi anak mas Bagus Pratama, putra jalunipun Bapak Irawan kadhawuhan
masrahaken Penganten kakung ingkang badhe hanetepi adat tata cara dhaupipun
penganten kekalih jumbuh kalin tatacara ingkang sampun rinakit, kanthi menika
anak mas Baskara kula aturaken saha kula pasrahaken mugi inggal kadhaupaken
Gendhuk Ayu Lestari, putrinipun Bapak Eko.
Brayat
agungkulawarga penganten kakung dherek memuji migi-mugi dhaupipun penganten
kekalih nir baya kalis ing rubeda.
Kajawi menika
sesampunipun putra kekalih mengku bale wisma, mugya karengkuh anak kula Bagus
Pratama kadine putra priyangga. Kaparingana pitedah saha wewarih mudha tumaruna
tumraping gesang bebrayan.
Wusana kalamun
sowan kula sapangombyong wonten muna-muni solah bawa ingkang nyebal saking
kauteman, kirang tata lan susila, mugi kasdu paring agunging pangaksama.
Nuwun.
Wasalamu’alaikum Wr.Wrb.
6. Teks
sesorah ana ing dhuwur kalebet sesorah atur pambagyaharjo kanggo...
a. tampi
penganten
b. pasrah
penganten
c. ijab
d. ular-ular
e. upacara
krobongan
7. “Wusana kalamun sowan kula sapangombyong
wonten muna-muni solah bawa ingkang nyebal saking kauteman, kirang tata lan
susila, mugi kasdu paring agunging pangaksama.
Wasalamu’alaikum Wr.Wrb.”
Pretelan ing dhuwur
klebu ing perangane ... pidhato.
a. purwaka
b. surasa
c. bebuka
d. panutup
e. pangarep-arep
8. Sapa
sesulihipun pamangku gati?
a. Bapak
Eko
b. Bapak
Irawan
c. Bapak
Sodik
d. Bapak
Eko lan Bapak Irawan
e. Bapak
Sodik lan Bapak Eko
9. Sesorah
pasrah penganten ing nduwur ana tembung kasdu,
kang nduweni teges ...
a. kondhang
b. kersa
c. supadhos
d. nduweni
e. kepengin
(Wacanen
Ing ngingsor iki kanggo mangsuli no10-12)
Baskara :
“Asalammu’alaikum Wr. Wb.”
Pak Ahmad : “Wa’alaikum Salam Wr. Wb., O... kowe Bas, kadingaren dolam
mrene?”
Baskara :
“Sowan kula mriki sepisan silaturahmi, kaping kalih kula dipun utus Pak Bagyo supados ngaturi Panjenengan mangke
dalu ba’da isa’dipun suwun rawuh ing dalemipun Pak Bagyo”
Pak Ahmad : “Pak Bagyo duwe perlu apa?”
Baskara :
“Arep nganakna syukuran anake”
Pak Ahmad : “Putrane sing endi”
Baskara :
“Putranipun ingkang pambajeng, mas Wawan sampun rampung anggenipun ngangsu
kawruh ing pawiyatan luhur”
Pak Ahmad : “O, ngono to, ya syukur aku melu seneng. Insya Allah mengko
tak usahake”
Baskara :
Matur nuwun pak, kadosipun sampun cekap kula nyuwun pamit. Wassalamu’alikum Wr.
Wb.”
Pak Ahmad : Wa’alaikumsalam Wr. Wb.”
10. Sapa
sing dadi paraga ing pacelathon ndhuwur...
a. Baskara
b. Pak
Ahmad
c. Baskara
lan Pak Ahmad
d. Baskara
lan Wawan
e. Pak
Ahmad lan Pak Bagyo
11. Pacelathon
ing nduwur migunakake basa apa...
a. krama alus lan ngoko
lugu
b. krama lugu lan krama
alus
c. ngoko alus
d. ngoko lugu
e. krama
12. “Arep
nganakna syukuran anake” menawa disalin dadi krama alus...
a. badhe nganakkake
syukuran anake
b. arep nganakna syukuran
putrane
c. bandhe ngawontenaken
tasyakuran putranipun
d. badhe nganakake
tasyakuran putranipun
e. arep ngawontenaken
tasyakuran putranipun
13. “Wa’alaikum
Salam Wr. Wb., O... kowe Bas, kadingaren
dolan mrene?” wangsalan kang trep kanggo tembung kang kacetak miring..
a. witing klapa
b. njanur gunung
c. omah yuyu
d. kudhung sirah
e. roti tela
14. Panatacara
Manten, menawa ditulis kanthi aksara Jawa kang bener yaiku...
a. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧋
b. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
c. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
d. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧋
e. ꦊꦾꦁꦆꦺꦂꦻꦺꦃꦻꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
15. Panyeratan
angka Jawi 6743 ingkang leres...
a. ꧐꧖ꦉ꧕꧐
b. ꧐꧖ꦉ꧐
c. ꧖ꦍ꧕꧐
d. ꧖ꦬ꧕꧐
16. ꧂ꦊꦑꦸꦅꦇꦏꦸꦄꦃꦆꦸꦀ...
a.
ꦈꦶꦃꦆ
b.
ꦊꦁꦖꦈꦆꦶ
c.
ꦄꦽꦁ
d.
ꦓꦺꦉꦼꦄ
e.
ꦏꦁꦙꦃꦄ
17. ꦆꦸꦏꦥꦺꦇꦄꦒꦾꦑꦓꦷꦆꦿ꧐꧕꧕꧔꧔꧐ꦃꦸꦊꦶꦍꦾꦊꦄꦿ꧋
a.
tumbase
kathah banget 4.400 rupiyah pak.
b.
tumbase
kathah banget 4.400 rupiyah pak,
c.
tumbase
kathah banget 5.500 rupiyah pak
d.
tumbase
katah banget 5.500 rupiyah pak.
e.
tumbase
kathah banget 5.500 rupiyah pak,
18. ꦇꦶꦁꦀꦸꦑꦇꦉꦁꦛꦇꦆꦌꦈ ꦄꦁꦦꦶꦊꦶꦐꦷꦉꦿ
a. sinau basa lan satra
jawa kanthi prigel,
b. sinau basa lan sastra
jawa kanti prigel,
c. sinau basa lan sastra
jawa kanthi prigel.
d. sinau basa lan sastra
jawa kanti prigel.
e. sinau basa lan sastra
jawa kanti prigel
19. ꦐꦷꦉꦇꦛꦷꦉꦸꦇꦶꦁꦞꦷꦂꦾ꧐ꦐ꧐ꦀꦶꦇꦶꦾ...
a.
꧐ꦬ꧐
b.
꧐ꦍ꧐
c.
꧐ꦐ꧔꧐
d.
꧐ꦐꦐ꧐
e.
꧐ꦐ꧐
Adegan 1
(Ing sapinggiring alas
gung liwang-liwung, ana omah kang tuwa banget. Omah iku papan dununge kaki kang
aran Ki Semar. Ing gulune Kaki Semar ana godhong sing gundhul-gundhul ing
gulune. Yen mlaku rada wungkuk karo tudhang-tudhing, bokonge megal-negol kaya
methog. Mula saka iku Kaki Semar uga kara ki Min. Nalika semana Ki Semar arep
golek kayu ing alas. Dumadakan ana bocah-bocah kang padha gojegan
sedalan-dalan. Bocah-bocah iku padha moyoki Ki Semar karo tetembangan
methog-menthog).
........................................................................................................................
20. Latar
adegan ana ing ndhuwur...
a. omah
b. alas
c. aalanan
d. sawah
e. emperan omah
(Wacanen
Ing ngingsor iki kanggo mangsuli no 21-25)
RAMAYANA
Prabu Ramawijaya
bisa numpas Prabu Rahwana saandhahane, serta bisa mboyong Dewi Sinta. Kabeh
saka pambiyantune Gunawan Wibisana. Sirnaning denawa Ngalengka kang padha
ngrencana nggagalake lan rusaking tambak, uga saka iguh pamrayogane Gunawan
Wibisana.
Ing tata gelar
Prabu Ramawijaya ngrebut Dewi Sinta, garwane kang kadhusta Prabu Rahwana,
nanging sejatine mengku wejangan kang sinandi kang isine mbrastha angkara
murka, serta mbrastha watak, adigang, adigung, adiguna. Dadi Prabu Ramawijaya,
sawijining ratu kang mbelani bebener, lan njejegake adeging keadilan. Gunawan
Wibisana, kabukten nalika Rahwana darbe jabang bayi putri kang nembe lair saka
Dewi Mandukaki, matur yen Negara Ngalengka besuk lebur papan tanpa dadi dening
garwane jabang bayi putri iku. Mula jabang bayi kang nembe lair dilarung ing
samodra. Gedhene jabang bayi dadi Dewi Sint. Dadi yen Rahwana ndustha, lan
ngoyak supaya Sinta nglanggati karo ngoyak anake dhewe.
Sirnane Rahwana
lan kabeh diyu ing Alengka, ateges sirnaning ngkara murka, lan sirnaning watak
adigang, adigung, adiguna dening Prabu Rama Wijaya nganggo dhasar adil lan
bener serta kabantu Gunawan Wibisana linambaran kearifan serta kawaskitan.
Sektiya kaya ngapa, yen kanggo tumindak ala mesthi bakal apes dening tindak
utama, ngilangi ambeg angkara murka, budi cendhela.
Kapethik saka : Djoko
Lodhang, 25 September 2008
21. Sapa
wae paraga crita ing nduwur, kajaba...
a. prabu Rahwana
b. dewi Sinta
c. narendra
d. prabu Ramawijaya
e. gunawan Wibisana
22. Sapa
sejatine Dewi Sinta iku...
a. garwane Prabu Rahwana
b. garwane Prabu Ramawijaya
c. garwane Gunawan Wibisana
d. putrine Prabu Ramawijaya
e. putrine Rahwana
23. Pitututur
luhur saka crita ing dhuwur...
a. saka kesakten bisa
numpes angkara murka
b. watak angkara murka
kalah dening watak luhur
c. tumindak ala mesthi
bakal apes dening tindak utama
d. kawicaksanan bisa numpas
angkara murka
e. watak adigang adigung
adiguna bisa numpes watak luhur
24. Apa
tegese tembung adigang, adigung, adiguna...
a. pamer kawicaksanaan,
pamer kapinteran lan pamer kekuwtan
b. pamer kekuwatan, pamer
kapnteran, pamer kaluhuran
c. pamer kaluhuran. pamer
kakuwatan, pamer kapinteran
d. pamer kapinteran. pamer
kakuwatan, pamer kaluhuran
e. pamer kekuwatan, pamer
kaluhuran, pamer kapinteran
25. “Prabu Ramawijaya
numpas Prabu Rahwana” menawa ditulis kanthi
aksara Jawa dadine...
a. ꧂ꦊꦑꦸꦃꦏꦈꦶꦌꦍꦁꦸꦏꦞꦇ꧂ꦊꦑꦸꦃꦾꦈꦁ꧋
b. ꧂ꦊꦑꦸ ꦃꦏꦈꦶꦌꦍꦁꦸꦏꦊꦷꦇ꧂ꦞꦑꦸꦃꦾꦈꦁ꧋
c. ꧂ꦊꦑꦸ ꦃꦏꦈꦶꦌꦍꦁꦸꦏꦊꦷꦇ꧂ꦞꦑꦸꦃꦾꦈꦁ꧋
d. ꧂ꦊꦑꦸ ꦃꦏꦈꦶꦌꦍꦁꦸꦏꦊꦷꦇ꧂ꦞꦑꦸꦃꦾꦈꦁ꧌
e. ꧂ꦊꦑꦸ ꦃꦏꦈꦶꦌꦍꦁꦸꦏꦊꦷꦇ꧂ꦞꦑꦸꦃꦾ
REVISI
SOAL
I.
Paringana
tandha ping (x) wonten aksara a, b, c, d, utawi e wonten ing sangajengipun wangsulan ingkang
leres!
(Wangsulana pitakenan
no. 1-3 kanthi waosan ing ngandhap menika!)
SERAT
DEWA RUCI
Serat
Dewa Ruci nggambaraken nalika Werkudara kadhawuhan gurunipun, inggih menika
Pandhita Durna ngulari toya Perwitasari. Dipunrewangi minggah gunung mandhap
jurang, ugi njegur wonten tengahing samodra, toya Perwitasari boten kepanggih.
Sanajan
saben papan Werkudara bakal manggihi pepalang, nanging
piyambakipun boten jirih rekaos. Pangurbananipun awit setya marang gurunipun
saged dipunraosaken, awit wonten ing
pungkasanipun cariyos, Werkudara bakal nampi ngelmu sejatining gesang saking
Dewa Cilik wonten ing tengahing samodra ingkang asma Dewa Ruci.
1. Watakipun
Werkudara wonten serat Dewa Ruci ingkang saged kangge tuladha, kajawi…
a. Werkudara
kagungan watak welas asih marang sasama
b. Werkudara
kagungan watak ingkang sabar
c. Werkudara
kagungan watak ingkang gemi
d. Werkudara
kagungan watak ingkang setya marang sasama
e. Werkudara
kagungan watak ungkang kendel
2.
Serat Dewa Ruci
nyariosaken lelampahipun…
a. nyariosaken
lelampahipun Janaka
b. nyariosanken
lelampahipun Gathutkaca
c. nyariosaken
lelampahipun Yudhistira
d. nyariosakan
lelampahipun Pandhita
e. nyariosaken
lelampahipun Werkudara
3.
Sanajan saben papan
Werkudara bakal nemoni pepalang, nanging dheweke ora
wedi rekasa .
Tembung
pepalang ingkang kacethak miring nggadhahi teges…
a. alangan
b. musuh
c. jimat
d. kepaten
e. ketemu
(Wangsulanan pitakenan
no. 4-5 kanthi waosan ing ngandhap menika!)
KUMBAKARNA
Kumbakarna menika
kondhang minangka pahlawan wonten ing pewayangan. Wujudipun wuta, nanging
digdaya kaliyan sekti mandraguna. Dipunwastani pahlawan, amargi mbelani
negaranipun. Dados boten mbelani kangmasipun ingkang angkara murka. Batosipun
mbelani tiyang lepat utawi angkara murka menika boten leres. Budinipun luhur,
tansah urmat dhateng leluhuripun kaliyan rama ibunipun.
4. Menapa
sebabipun Raden Kumbakarna kondhang minangka pahlawan wonten ing nagari
Ngalengka?
a. nggadhahi
watak digdaya kaliyan sekti mandra guna
b. mbelani
kangmasipun ingkang angkara murka
c. wani
kaliyan Rama Ibunipun
d. boten
kagungan urmat dhateng leluhuripun
e. remen
perang kaliyan kangmasipun
5. Prabu
Kumbakarna boten….dening para sadherekipun amargi tumindakipun ingkang asor.
Tembung kang trep kangge ukara kasebut…
a. nyengkuyung
b. disengkuyung
c. disengkuyungi
d. dipunsengkuyung
e. nyengkuyungi
(Wangsulanan pitakenan
no. 6-9 kanthi waosan ing ngandhap menika!)
DUMADOSING
CANDI PRAMBANAN
Rikala
semanten wonten Raja asmanipun Prabu Baka. Panjenenganipun raja wonten Kraton
Prambanan lan nggadhahi putri ayu kanthi asma Roro Jonggrang. Awit Prambanan
njajah warga Pengging, Pangeran Pengging ingkang asma Bandung Bondowoso
dipunutus supados mejahi Prabu Baka. Kacrita, Bandung Bondowoso sampun kasil
mejahi Prabu Baka. Rara Jonggrang banget
duka kaliyan Bandung Bondowoso, napa malih rikala Jonggrang arep dipungarwa.
Bandung Bondowoso : “Putri Rara Jonggrang kersa dados
garwa kula, panjenengan bakal kula ayomi ”
Rara Jonggrang :
“Mokal! Menawi panjenengan saged ndamel candi cacahipun sewu kanthi wekdal sewengi, kula purun
dados garwanipun panjenengan.”
Bandung
Bondowoso :
“Inggih, bakal kula lampahi saratipun panjenengan menika.”
Bandung
Bondowoso ingkang sekti mandraguna nimbali jin supados mbiyantu ndamel candi.
Setunngal baka setunggal candi dipundamel kanthi enggal.
Rara
Jonggrang ingkang sejatine duka amargi Ramanipun sampun dipunpejahi dening
Bandung Bondowoso, dalu menika madosi kanthi cara supados Bandung Bondowoso
mboten kasil mungkasi sewu candi. Roro
Jonggrang nyuwun pitulungan marang ibu-ibu nuthuki lesung supados jagone sami
kluruk. Rikala jago kluruk, jin-jin sami mboten wantun lajeng jin menika nilar
pedamelanipun amargi ngira menawi sampun siang . Kamangka dereng rampung
anggenipun ndamel candi.
Candi
ingkang kedahipun nggadhahi cacah sewu, wekdal menika taksih kirang setunggal.
Bandung Bondowoso ingkang rumaos dipunapusi dening Rara Jonggrang kanthi
panjenenganipun murka. Awit saking menika, Bandung Bondowoso ngesotke Rara
Jonggrang dados reca kangge njangkepi candi sewu.
Sakmenika
Bandung Bondowoso saged mungkasi saratipun ndamel candi ingkang cacahipun sewu.
Nanging, piyambakipun mboten saged nggarwa Rara Jonggrang, awit Jonggrang
sampun dados candi. Woten ing reja-rejaning jaman, candi sewu sakmenika
dipunasmani candi Prambanan ingkang mapan wonten Desa Prambanan, propinsi
Ngayogyakarta.
6. Amanat
menapa ingkang saged dipin pendhet saking waosan wonteng inggil inggih
menika...
a. Dados
tiyang menkia kedah nggadhahi kakuatan
b. Dados
tiyang menika kedah wantun menjahi tiyang sanes
c. Dados
tiyang menika kedah nggadhahi watak sabar
lan jujur
d. Dados
tiyang menika kedah nggadhahi watak ingkang sabar lan wantun marang tiyang
sanes
e. Dados
tiyang menika kedah jujur kaliyan nggadhahi watak welas lan asih.
7. Watakipun
Roro Jonggrang ingkang saged kangge tuladha inggih menika...
a. Nggadhahi
watak tresna lan asih marang tiyang sanes
b. Nggadhahi
watak remen bales dendam marang tiyang sanes
c. Nggadhahi
watak ingkang sabar
d. Nggadhahi
watak setya kaliyan ramanipun mula males dendam marang Bandung Bondowoso
e. Nggadhahi
watak inkang legawa
8. ꦂꦁꦙꦶꦀꦼꦄꦼꦇꦐꦷꦅꦙꦶꦊꦸꦁꦙꦏꦷꦉꦘꦉꦶꦍꦁꦥꦁꦅꦸꦼ
ꦺꦑꦻꦺꦁꦙꦻꦺꦈꦻꦺꦇꦻ ꦀꦼꦐꦶꦾꦏꦷꦁꦶꦄ ...
a. ꦐ꧔꧔
b. ꦍꦍ
c. ꦍꦬ
d. ꦍꦉ
e. ꦉꦍ
9. Awit
saking menika, Bandung Bondowoso ngesotke Rara Jonggrang dados reca
kangge njangkepi candi sewu.
Tembung
reca ingkang kacethak miring nggadhahi teges…
a. candi
b. patung
c. watu
d. jago
kluruk
e. jin
10. Indri : “Sugeng enjing Bu!”
Bu
Guru : “Sugeng enjing, kadingaren
mruput tekamu!”
Indri : “Inggih Bu. Menapa kapareng
kula matur?”
Bu
Guru : “Pareng wae coba arep
matur apa?”
Indri : ………………..
Kados
pundi aturipun Indri, menawi piyambakipun boten mlebet sekolah amargi badhe
tindak Puskesmas, nambalaken wajanipun ingkang sakit?
a. Bu,
kula ajeng ten Puskesmas, nambalke untu kula sing lara.
b. Bu,
kula badhe teng Puskesmas, nambalaken untu kula ingkang gerah.
c. Bu,
kula nyuwun ijin badhe dhateng Puskesmas, nambalaken waos kula ingkang sakit.
d. Bu,
sesuk kula boten mlebet waos kula sakit. Badhe kula bekta ten Puskesmas.
e. Bu,
sesuk niku kula ajeng teng Puskesmas, ajeng nambalke untu.
11. Didin : “ Dit, apa oleh aku 1)…bukumu
basa Jawa?”
Didit : “ Oleh wae. Nanging
enggal-enggal balekna!
Amarga buku kuwi, olehku 2)…Pak Guru.
Pak Guru 3)…aku, supaya buku kuwi enggal
dibalekake”.
Tembung-tembung
ingkang trep kaliyan unggah-ungguh basa, inggih menika…
a. nyilih,
ngampil, ndhawuhi
b. nyuwun
ngampil, nyilih, ngakon
c. nyilih,
nyilihi, akon
d. nyilih,
nyuwun ngampil, akon
e. nyuwun
ngampil, nyilihi, akon
12. Bapak : “Geneya kowe lagi 1)…Wan?”
Wawan : “Inggih, Pak. Kula nembe kemawon
2)…
Lha bapak wau 3)… jam pinten?”
Tembung
ingkang trep salaras kaliyan ungguh-ungguhing basa inggih menika…
a. mulih
kondur, wangsul
b. kondur,
wangsul, mulih
c. mulih,
wangul, kondur
d. wangsul,
mulih, kondur
e. kondur,
mulih wangsul
13. Bu
Ani : “Sing nganggo
klambi abang kae sapa, Ning?”
Aning : “…………………………..”
Wangsulanipun
Aning ingkang leres, inggih menika…
a. Ingkang
ngagem rasukan abrit menika Jati, Bu
b. Ingkang
ngagem wusana abrit menika Bapak Kepala Sekolahh, Bu
c. Ingkang
ngagem rasukan busana abrit menika Nanang, Bu
d. Ingkang
ngagem busana abrit menika Nanang, Bu
e. Ingkang
ngagem wusana abrit menika Nanang, Bu
14. Panatacara
Manten, menawi dipunserat mawi aksara Jawi ingkang leres inggih menika...
a. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧋
b. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
c. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
d. ꦊꦁꦆꦂꦃꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧋
e. ꦊꦾꦁꦆꦺꦂꦻꦺꦃꦻꦏꦺꦁꦚꦁꦿ꧌
15.
Basa Jawi ngoko kaliyan krama, menawi dipunserat mawi aksara Jawi ingkang leres
inggih menika...
a.ꦑꦇꦌꦈꦶꦺꦓꦻꦺꦄꦻꦉꦉꦶꦍꦁ꧃ꦘꦏ꧌
b. ꦑꦇꦌꦈꦼꦺꦓꦻꦺꦄꦻꦉꦁ꧃ꦘꦏ꧌
c. ꦑꦇꦌꦈꦼꦺꦓꦻꦺꦄꦻꦉꦁ꧃ꦘꦏ꧋
d. ꦑꦇꦌꦈꦓꦺꦄꦻꦉꦁ꧃ꦘꦏ꧌
e. ꦑꦇꦌꦈꦉꦺꦓꦻꦄꦻꦉꦁ꧃ꦘꦏ꧌
16. ꧂ꦊꦑꦸꦊꦁꦟꦸꦺꦅꦈꦁꦆꦺꦏꦁꦶꦄꦃꦌꦀꦇꦚꦶꦁ꧌ menawi
dipunserat latin ingkang leres inggih menika...
a.
Prabu Pandhudewa Sewaya yaiku raja Astina
b.
Prabu Pandhudewanata menika raja Astina,
c.
Prabu Pandhudewa Sewaya yaiku raja Astina,
d.
Prabu Pandhudewanata menika raja Astina.
e.
Prabu Pandhudewanata yaiku raja Astina
17.
Rayinupun Yudhistira asmanipun Arjuna , menawi dipunserat mawi aksara Jawi
ingkang leres inggih menika...
a.
ꦀꦅꦶꦁꦷꦍꦸꦋꦶꦇꦚꦶꦃꦺꦌꦺꦁꦓꦷꦀꦽꦌꦸꦁ꧋
b.
ꦀꦅꦶꦺꦁꦍꦸꦋꦶꦇꦚꦶꦃꦌꦷꦁꦷꦺꦓꦀꦽꦌꦸꦁ꧌
c.
ꦃꦍꦶꦁꦶꦊꦸꦁꦡꦸꦋꦶꦇꦚꦶꦃꦀꦇꦣꦁꦼꦊꦸꦁꦔꦽꦌꦸꦁ꧌
d. ꦀꦅꦶꦺꦁꦍꦸꦋꦶꦇꦚꦶꦃꦌꦷꦁꦷꦺꦓꦀꦽꦌꦸꦁ꧋
e. ꦀꦅꦶꦺꦁꦍꦸꦋꦶꦇꦚꦶꦃꦌꦷꦁꦷꦺꦓꦀꦽꦌꦸꦁ
18. Werkudara bakal nampi ngelmu
sejatining gesang, menawi dipunserat mawi aksara Jawi ingkang leres inggih
menika...
a.
ꦈꦷꦽꦄꦸꦋꦃ ꦑꦄꦉꦕꦏꦞꦶꦺꦓꦉꦣꦸ ꦇꦷꦌꦆꦶꦁꦐꦷꦇꦼ꧌
b. ꦈꦷꦽꦄꦸꦅꦃꦑꦄꦉꦕꦏꦊꦺꦓꦉꦣꦸꦇꦷꦌꦆꦶꦁꦀꦸꦃꦶꦊ꧌
c. ꦈꦷꦽꦄꦸꦅꦃꦑꦄꦉꦕꦏꦞꦺꦓꦉꦣꦸꦇꦷꦌꦆꦶꦁꦀꦸꦐꦷꦇꦼ꧌
d. ꦈꦷꦽꦄꦸꦅꦃꦑꦄꦉꦕꦏꦞꦺꦓꦉꦣꦸꦇꦷꦌꦆꦶꦁꦀꦸꦃꦶꦊ꧌
e. ꦈꦷꦽꦄꦸꦅꦃꦑꦄꦉꦕꦏꦊꦺꦓꦉꦣꦸꦇꦷꦌꦆꦶꦁꦀꦸꦃꦶꦊ꧋
19. “Kumbakarna wujude wuta, nanging
digdaya lan sekti mandra guna”, menawi dipunserat mawi aksara Jawi ingkang
leres inggih menika...
a.ꦄꦸꦏꦥꦄꦽꦁꦈꦸꦌꦸꦺꦅꦑꦸꦆ꧋ꦁꦓꦅꦶꦐꦙꦍꦉꦁꦛꦷꦄꦆꦶꦏꦁ꧃ꦙꦐꦸꦁ꧋
b.ꦄꦸꦏꦑꦄꦽꦁꦈꦸꦌꦸꦺꦅꦑꦸꦆꦁꦓꦅꦶꦐꦙꦍꦉꦁꦛꦷꦄꦆꦶꦏꦁ꧃ꦙꦐꦸꦁ꧌
c.ꦄꦸꦏꦥꦄꦽꦁꦈꦸꦌꦸꦺꦅꦈꦸꦆ꧋ꦁꦓꦅꦶꦐꦙꦍꦉꦁꦛꦷꦄꦆꦶꦏꦁꦐꦸꦁ꧌
d.ꦄꦸꦏꦥꦄꦽꦁꦈꦸꦌꦸꦅꦷꦈꦸꦆ꧋ꦁꦓꦅꦶꦐꦙꦍꦉꦁꦛꦷꦄꦆꦶꦏꦁ꧃ꦙꦐꦸꦁ꧋
e.ꦄꦸꦏꦥꦄꦽꦁꦈꦸꦌꦸꦺꦋꦑꦸꦆ꧋ꦁꦓꦅꦶꦐꦅꦍꦉꦁꦛꦷꦄꦶꦏꦁ꧃ꦙꦐꦸꦁ꧋
20.
“Langit mendhung, kala-kala ketingal kumelap saking angkasa. Gludhug tanpa
leren ndamel miris wonten ing manah. Nanging kedayan anggenipun kula kepengin
dugi dalem, lajeng kula mlajeng nggendring….”
Tokoh “kula”
wonten ing pethikan cariyos kasebat nggambaraken swasana ingkang kados pundi…
a. bungah
amargi mendhung
b. sedhih
amargi mendhung
c. kuciwa
amargi mendhung
d. wedi
amargi mendhung
e. tentrem
amargi mendhung
21. Paijo menika lare ingkang sregep. Saben
wangsul sekolah piyambakipun mbiyantu ibunipun sadeyan gorengan. Sanajan
putranipun tiyang boten gadhah, Paijo boten nate nggresula. Paijo nggadhahi
pepenginan kangge ndamel bungah tiyang sepuhipun kanthi cara sinau tenanan.
Saben dalu Paijo sregep sinau. Amargi kapinteranipun, Paijo angsal beasiswa kangge
nerusaken kuliyah.
Wosing cariyos wonten ing inggil menika...
a. Paijo pinter lan angsal beasiswa amarga
sregep sinau
b.
Paijo dados tiyang ingkang mboten gadhah amarga sregep sinau
c.
Paijo pinter amarga dodol gorengan
d.
Paijo angsal beasiswa amarga dodol gorengan
e.
Paijo angsal beasiswa amarga mboten nate nggresula
Nuwun,
Assalamualaikum
Wr. Wb
Saderengipun
matur, mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dhateng Gusti ingkang maha
agung ingkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan.
Para
rawuh ingkang kinurmatan, keparenga nyuwun pangapunten awit kula sampun
kumawani anggempil kamardikan panjenengan rikala nembe sekeca imbal wacana.
Ibu
Titi minangka sulih saliranipun Bp. Bambang, keparenga kula pun Ibu Nia
minangka sulih saliranipun Bp.Hartoyo, matur menggah wigatosipun kula sowan ing
ngarsa
Panjenengan...
22.
Ukara ingkang trep kangge nglajengaken waosan pasrah manten wonten ing inggil
inggih menika...
a. Candra, putra kakungipun Bp.
Hartoyo ingkang titi wanci menika badhe kadahupaken kaliyan Reni Sukawati,
putra putrinipun panjeneganipun Bp. Bambang.
b.
Semanten ugi anggen kula matur mbokbilih wonten kiranging basa, nyuwun
pangapunten.
c.
Nuwun, Wassalamualaikum Wr.Wb
d.
Ingkang sepisan, Bp.Hartoyo sekaliyan garwa, ngaturaken salam taklimipun mugi
katur Bp. Bambabng sekaliyan.
e.
Nuwun, Wassalamualaikum Wr.Wb
Ingkang sepisan, Bp.Hartoyo
sekaliyan garwa, ngaturaken salam taklimipun mugi katur Bp. Bambabng sekaliyan.
(Wangsulanan pitakenan
no. 23-25 kanthi waosan ing ngandhap menika!)
RUWATAN
Bebrayan
Jawi nggadhahi maneka warni upacara adat. Salah satunggaling inggih menika upacara
ruwatan. Upacara ruwatan inggih menika upacara adat ngruwat utawi ngicalaken
sukerta. Sukerta inggih menika reregeding gesang tumprap bebrayan ingkang
pitados. Wonten ing panggenan sanes wonten upacara ingkang saged damel resiking
jiwa kaliyan raga kang dipunasmani tolak bala. Sejatosipun ingkang betah dipunruwat
boten namung lare alit ingkang kalebet golongan sukerta, nanging ugi panggenan
ingkang dipunpitados wonten ingkang mbaureksa ugi betah dipunruwat supados
mboten dadosaken wontenipun kurban jiwa.
Wonten ing bebrayan Jawi wonten ingkang
dipunasmani gugon tuhon. Gugon tuhon
saged kaperang dados kalih, inggih menika wasita
sinandi kaliyan lare sukerta. Wondene
lare sukerta menika ugi benten-benten. Wonten ingkang dados amargi kodrat kaliyan amargi
kersanipun lare kadosta ingkang kasebat wonten ngandhap :
a. lare
ontang-anting inggih menika lare namung setunggal jaler utawi estri boten
wonten tunggalipun
b. lare
uger-uger lawang inggih menika putra jaler kalih
c. lare
kembang sepasang inggih menika putri estri kalih
d. lare
kedhana-kedhini, lare kalih jaler estri, utawi estri jeler
sendhang kapit pancuran inggih menika
lare tiga ingkang estri wonten tengah (jaler, estri, jaler) kaliyan
sapanunggalanipun.
Miturut
gogon tuhon Jawi lare sukerta ingkang inggil kalawau dados jatah dhaharanipun Bhathara
Kala. Bhathara Kala inggih menika reseksa ingkang ageng nggegirisi putranipun
Bathari Durga. Pramila murih slamet kedah dipunruwat (dipunresiki) rumiyin.
Wonten ing upacara ruwatan lare ingkang badhe dipunruwat, tiyang sepuh, tanggi
teparo, sanak sedulur sami makempal. Lare ingkang dipunruwat kedah adus kramas
banjur ngagem rasukan petak kados dene tiyang ikhrom. Wonten ing ruwatan
kasebat limprahipun kanthi nanggap wayang lakonipun Murwakala. Ki
dhalang banjur ngruwat kanthi ngethok rikmanipun lare ingkang dipunruwat. Rikma
kalawau dipunwadhahi bokor banjur dipunlarung. Sajroning upacara kalawau sedaya
sami ngeningaken cipta, sarta sami anyenyuwun murih kabul panyuwunipun tebih
saking rubeda cedhak kaliyan rejeki.
23.
Tujuwan dipunwontenaken upacara ruwatan inggih menika...
a.
kangge slametan warga dusun
b.
kangge ngucap raos syukur dhumateng Gusti
c.
kangge kangge nolak bala regeting gesang kaliyan dusun
d.
kangge nolak bala regeting gesang kaliyan ngresiki panggenan
d.
kagem nolak panggenan kaliyan ngresiki lare ruwat
24.
Gugon tuhon saged kaperang dados kalih, inggih menika wasita sinandi kaliyan lare
sukerta.
Tembung
“lare sukerta” ingkang kacethak miring nggadhahi teges…
a.
lare ingkang kirang resik
b.
lare ingkang taksih alit
c. lare ingkang dableg
d.
lare ingkang remen dolan
e.
lare ingkang ontang-anting
25. Rikma
kalawau dipunwadhahi bokor banjur dipunlarung.
Tembung
“dipunlarung” ingkang kacethak miring nggadhahi teges…
a. dipunsimpen
b. dipunkethok
c. dipunsade
d. dipunbuang
e. dipununcalaken
Tidak ada komentar:
Posting Komentar