Jumat, 04 Juli 2014

ANTOLOGI GEGURITAN



Negaraku ...
Kuciwa!
Wis ra wruh tata
Wis ra eling ukara
Wis ra duwe panutan
Negaraku …

Ngono iku lak wis pinilih
Sapa raja .. sapa patih .. sapa rewang
Pangarepan becik dening wong akeh
Negaraku …

Wis ra etung isin
Para pujangga sing pegaweyane ureg-ureg dluwang
Lan bisane manthuk-manthuk
Negaraku …

Sejatine kanggo apa..?
Kanggo apa ngandel mring wong
Sing bisane gawe beka
Negaraku ..





Pak Sopir
Wis krasa gumeter
Anggonmu ngukel setir
Wis krasa lara lan cumpleng
Balung sing mbendina mecaki gas
Lan rem
Mung kanggo sega sapulukan
Mung kanggo anak lan bojomu
Anakmu sing kerep mbalela
Gawe mangkelmu
Koklilani ngurbanake nyawa
Ora liya
Meneh-meneh mung kanggo kluwargamu
Pak …
Muga-muga tansah diparingi kaslametan
Sing ati-ati nguruti dalan
Kang dawa ora ana pol-polan








Kacang Atom
Manggon ngruntel ing jero wadhah
Sing sumpeg kok ya krasan
Ora ana awa, klagepan
Wujudmu kuwi kerep gawe gumregut
Kepengin nyokot, nglethak!
Sing diluru ya siji
Jerowanmu werna coklat kuwi
Jerowan sing dadi lakon utama
Jerowan sing bisa diklambeni
Pirang-pirang werna
Putih, ijo, lan abang
Mak thesss!! Kriuk kriuk!
Ana sing anyep, ana sing asin
Ana sing pedhes











Titip Kangen
Tengahing sasi
Wulan anyaran taun iki
Alon-alon olehku mlaku
Ninggalake panggonan ngasone kreta
Jangkahku kaya macan luwe
Lemes…

Tengahing tahun
Wulan lawas taun iki
Isih cetha wewayanganmu
Saklebat
Tanganmu ngawe-awe, pamit
Isih rada lemes…
Aku kangen











Kidhung Katresnan
Nalika tresna iku  kok tulisake
Kembang-kembang padha mekar
Tawon-tawon padha ngisep sekar
Swara mbrengengenge nambah ruwete atiku
Ruwet nandhang wuyung

Nalika tresna iku kok ucapake
Wit-wit padha mentelung katut angin
Godhong waru rontok saka pang-pange
Nambahi gumregute atiku
Gumregut eling pasuryanmu

Nalika tresna iku kok swarakake
Krasa angin mandheg sedela
Kepengin melu krungu kidhung katresnanmu
Katresnan suci …
Katresnan sejati …




Apa Kowe Ngerti?           
Langit mendhung, peteng ndhedhet ..
Angin banter … Adem !!
Nembus balung
Kaya tresnamu sing nembus atiku
Lara branta ra tak rasa
Nanging, apa kowe ngerti?
Niba tangi nambani lara iki
Lara nandhang wuyung
Mangan ngombe krasa getir, pait
Ora kepenak
Cah, cah
Apa kowe ngerti?








Ombak Asmara
Ombak segara alon-alon
Nggapyuk pasir pesisir
Angin sore tumiyub ngoyak rambut
Raga waton gumeter
Nggejejer ndelengi ambane samudra
Ombak saya suwe nyenthok sikil
Adem, seger
Kayadene kowe
Tresnamu
Sing saya nyenthok ati
Ning saiki ana ngendi
Ndang balia
Ndang renea
Kaya ombak ninggal segara
Bali maneh menyang segara






Kasepen
Yen dhong lungguhan
Ayang-ayang sing ngancani
Yen dhong ngglethak
Swara cek cek cek sing nyanyi
Yen wayah mlaku
Mung awa angin sing nyandhingi
Sepi














Wakil Rakyat, Aku Kuciwa
Wis ta
Ra usah ngumbar janji
Aku ora butuh
Wis ta
Ra usah ngumbar asih
Aku wis ra perdhuli
Wis ta
Ra usah pamer jas lan sepatu klimismu iku
Aku wis ra gumun
Jan-jane aji apa rakyatmu iki?
Aji apa aspirasi wong cilik iki?
Bisamu mung udut jedhat-jedhit
Ra perdhuli,
Sing penting rak aku sugih
Sing penting rak aku makmur
Tanpa mikir
Sadhara lek, sadhara pak, sadhara bu
Kowe ra nduwe aji yen rakyatmu keplaran
Kowe dudu sapa-sapa


Mung Kanggo Biyung
Jaman saya sepuh
Wayah uga lumaku ora etung mandheg
Utawa ngaso sedhela
Rina mlebu wengi, lan
Wengi sing peteng
Bali marang esuk sing blereng
Ora leren-leren

Kaya katresnanmu, biyung
Tresna sing ora tau mandheg
Utawa ngaso
Katresnan sing nentremake
Dalan sing dak jangkah iki
Mung kagem panjenengan, Biyung
Sembah bekti kang putra






Gonjang-ganjing
Bumi sansaya panas
Umub, mbledhos!!!
Dhar dhar dhar!!!
Apa maneh iki nang?
Bocah sekolah padha tawur
Sing tuwa ladalah saya ngawur
Mbakar bis, mbakar kantor, mbakar omah
Nggo apa jal, nggo apa nang?
Senggol, bacok!
Neka-neka, royok!
Wis ra ana jenengane katentreman
Ngendi bocah-bocah cilik
Sing biyen senengane dolanan bebarengan?
Ntek wis







Udan Jogja-Magelang
Malioboro krasa atis
Udan tanpa sela
Wiwit cebloke srengenge ing sisih kulon
Dalanan padha teles
Awak gebes, adhem

Langit kaya lagi nangis
Eluhe tanpa sela
Ing sadalan-dalan nyang Magelang
Tetep adhem, saya adhem
Saya kaku tan dirasa










Prambanan
Mlebu bledheng,
Dipapag sekar werna abang
Tinandur ana plataran, amba
Sangarepe candhi-candhi kang misuwur
Wisnu, Brahma, lan Siwa
Endah ning mripat,
Ayem ning ati
Subur makmur ing sakiwatengene
Awa adhem ayem krasa nggondheli
Aja lunga!!!
Krasa digondheli
Wis kebacut
Kepencut marang kowe
Gawe antengku nganti wayah iki







Malioboro Wayah Wengi
Sepertelone wengi
Isih pating mbrengok
Bakul-bakul ana pinggiran
Kaos kang, jajan kang
Isih rame
Saya wengi saya rame
Lanang wadon, nom tuwa
Padha lelungguhan, njagong
Padha lumaku, montor-montoran
Ubeng-ubengan
Ngancani lakune wengi sansaya ndadi










Juwana Kuthaku
Juwana
Kutha cilik ning misuwur
Najan mung cilik
Akeh aweh devisa marang Bupati
Bandeng prestone
Batik Bakarane
Trasine
Wis, apa maneh?
Rak akeh ta?
Eh iya, uyahe
Jan sugih tenan
Juwana
Kutha cilik merak ati







Johor dudu Johar
Kana iku Johor dudu Johar
Umpama Johar ya wis tak parani
Umpama maneh
Johor bisa dipindah nyang Johar, ngimpi
Johor kuwi rak Malaysia
Lha Johar kuwi mung cedhak kono kae
Pikiran mung bisa ngayal
Mindhah Johor nyang Johar
Merga wis banget kelaran
Nunggu wayahe piyik bali nyang susuhe
Ning kapan?









Aku Cah Sekolah
Aku cah sekolah, cilika mesthi gagah
Ora tau wegah, senajan krasa sayah
Saben dina mlebu, senajan ora sangu
Nyuwun sangu pangestu Bapak Ibu
Walah…
Iku rak lagu jaman cilikanku
Jamane isih lugu
Dudu jaman saiki
Akeh cah sekolah,
Sing padha wegah sekolah
Akeh cah sekolah,
Sing wegah mangkat sekolah,
Yen ra ana sangu
Akeh cah sekolah
Sing kerep mbantah welinge wong tuwa
Jarene cah sekolah
Kok ya malah nggladrah




Tikus Werog
Ana tikus werog, gedhe
Mlayu rana mlayu rene
Luru panganan
Ora mung sisa
Kadhang ya mangani anakan pitik
Anakan bebek
Ungkrah-ungkrah, mlebu leng
Mlebu got
Gaweyanmu kus, tikus
Dhasare tikus ya tikus
Wis lah, pangana kabeh










Pati Bumi Mina Tani
Wewatesan Laut Jawa
Sisih etane Kota Kreteg
Sisih kulone Rembang Bangkit
Sisih lore Kota Sate
Pati Bumi Mina Tani
Berdaya, Upaya, Menuju Identitas Pati           
Makmur, Ideal, Normatif, Adil, Tertib, Aman, Nyaman, Indah
sawah, tambak, lan kali
sumber panguripan ing tlatah asri iki











Godhong Waru Biru
Dudu sabrang dudu tales
Dudu godhong gedhang
Apa maneh godhong pelem
Saka sakabehing wit-witan ijo
Saka sakabehing godhong-godhong
Kang ngawe-awe
Kok ya mung godhong siji kuwi
Sing tak delok, sing tak pethik
Godhong waru,biru
Kanggo kowe
Ya, mung kanggo kowe
Simpenana ing panggonan sing primpen
Aja nganti ana uler utawa kroto
Sing nggremeti
Reksaa sing ati-ati
Merga godhong iku anane mung siji





1 komentar:

  1. geguritanya bagus mbk. yang juwana kotaku saya copy ya mbk buat pembelajaran basa jawa dikelasku. terima kasih

    BalasHapus