Rabu, 02 Juli 2014

PENGKAJIAN PUISI JAWA TRADISIONAL


 
SERAT DARMOWASITO
Karya              : KGPAA Mangkunegaran IV
Sumber            : www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh                : Mas Kumitir

1. Dhandhanggula
1. mrih sarkara pamardining siwi | winursita dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku |[1] mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha ngèstokna ||
--- 3 : 90 ---
2. rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakoning agêsang | sun tuturi kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng donya nut agama | jalu èstri dhaup | môngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||
3. yeka môngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara ||
--- 3 : 91 ---
4. panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti papriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||
5. watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||
--- 3 : 92 ---
6. angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sêsamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||
7. luwih lara-laraning kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | ingkang aran budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sêsama ||
--- 3 : 93 ---
8. kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dupèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | manulak mring sangsaya ||
9. rambah malih warsitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netya luruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||
--- 3 : 94 ---
10. karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning bôngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||
11. angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangulahira | batin ugêripun | ing lair grêbaning basa | yeka aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||
--- 3 : 95 ---
12. pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pamundhine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng donya ||
2. Kinanthi
1. dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||
2. têgên iku watêkipun | akarya lêga kang nuding |
--- 3 : 96 ---
wêkêl marganing pitaya | dene ta pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||
3. lawan malih wulangipun | margane wong kanggêp nglaki | dudu guna japa môntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||
4. wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | miturut marganing wêlas | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||
5. dudu pangkat dudu turun | dudu brana lawan warni | ugêre wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami |
--- 3 : 97 ---
mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalayan wadi ||
6. basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linêksanan | tan suwala lan baribin | lêjaring netya sarônta | tur rampung tan pindho kardi ||
7. dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solahbawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||
8. wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri ||
--- 3 : 98 ---
9. wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanirèng lair ||
10. basa wadi wantahipun | solah bawa kapiningit | yèn kalair dadya ala | saru tuwin anglingsêmi | marma sira dèn abisa | nyimpên wadi ywa kawijil ||
3. Mijil
1. wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale-wismane | among putra maru sêntanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||
--- 3 : 99 ---
2. tinampanan waspadakna dhingin | solahbawaning wong | ingkang bakal winêngku dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin | sarta dipun wanuh ||
3. lan takona padatan ingkang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru-sêsikune | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||
4. tumrap i[2] rèh pamanduming wanci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn panuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||
5. bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don |
--- 3 : 100 ---
dene lamun ingulap netyane | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna dera ngling | lawan têmbung alus ||
6. anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang dèn wênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||
7. awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèkke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||
8. mring gawane wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajroning salaki sarabi |
--- 3 : 101 ---
wimbuh rajatadi | iku jênêngipun ||
9. gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane sôngka sakarone | nging wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | rajatadi mau ||
10. gana-gini ekral kang jagèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang ngwènèhi | sandhang panganipun ||
11. pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku ora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||
--- 3 : 102 ---
12. yèn wus sira winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale-wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun ||
13. iku lagi tampanana nuli | kang nastiti batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung ||
14. yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paran ingkang kapti | ngêntènana malih | mring pangatagipun ||
15. kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumanggoh |
--- 3 : 103 ---
bokmanawa gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||
16. ing sanadyan lakinira bêcik | momong mring wong wadon | wekanana kang mrina liyane | jêr manungsa datan nunggil kapti | ana ala bêcik | ing panêmunipun ||
17. lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||
18. êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih |
--- 3 : 104 ---
mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||
19. yèn wus cakêp acakup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêle | marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||
20. wêwatone nyôngga sandhang bukti | nganakkên kaprabon | jalu èstri sapangkat-pangkate | iku saking pamêtu sêsasi | utawa sawarsi | pira gunggungipun ||

Pada tahun 1978, KGPAA Mangkunegaran IV mengarang Serat Darmo Wasito dalam bentuk tembang macapat yang terdiri dari 12 pada (bait) Dhandhanggula, 10 pada Kinanthi, dan 20 pada Mijil. Arti Darmo Wasito itu sendiri, Darma berarti ayah; orang tua laki-laki, Wasita berarti ajaran. Darmo Wasito adalah ajaran untuk anak/remaja.
Dalam serat Darmawasita di atas, terdapat nasihat-nasihat dan ajaran-ajaran dari nenek moyang kita. Ajaran luhur tersebut pada zamannya banyak dikaji, dihayati dan diamalkan sebagai pedoman hidup. Adapun inti sari ini “Serat Darmo Warsito” selengkapnya dapat dikelompokkan menjadi tiga: (a) Ajaran agar hidup sukses; (b) Ajaran menjadi abdi (pegawai) yang baik; (c) Ajaran sebagai isteri yang baik.
Ø  Di bawah ini beberapa ajaran agar hidup sukses :
1.      Menikah. Seseorang harus menikah untuk melestarikan kehidupan manusia;
2.      Jangan terbiasa berhutang, karena dapat menjadikan diri kita diremehkan orang lain. Jika belum terlalu mendesak, hindari hutang.
3.      Jangan jadi orang miskin, karena bila kita miskin tidak akan dihargai dalam masyarakat, dan jika imannya tidak kuat maka akan menyalahkan diri sendiri kemudian bunuh diri.
4.      Melakukan asthagina (8 hal) :
a.       nut ing jaman kelakone, harus pandai menyesuaikan diri dengan situasi dan kondisi sesuai dengan jamannya;
b.      rigen, pandai bekerja dengan efisien dan efektif;
c.       gemi, hemat agar hidupnya berkecukupan;
d.      nastiti ing pariksa, harus teliti dalam segala hal;
e.       weruh etung, tahu perhitungan dalam memanfaatkan penghasilannya tidak hanya untuk waktu sekarang, tetapi juga memperhitungkan waktu mendatang;
f.       taberi tatanya, rajin bertanya sehingga tidak tersesat dan pengetahuannya bertambah;
g.      nyegah kayun, dapat mengendalikan diri sehingga tidak banyak berbuat kesalahan;
h.      nemen ing sedya, bila mempunyai niat dilakukan dengan sungguh-sungguh tidak hanya setengah-setengah.
5.      Jangan malas bekerja. Jika ingin kehidupan yang cukup, bekerjalah. Sekalipun sudah berkecukupan, jangan sampai malas bekerja agar dijauhkan dari kesusahan.
6.      Melaksanakan sikap-sikap utama, antara lain : luruh (pandangan mata tidak liar dan hanya melihat seperlunya), trapsila (selalu bersikap sopan), mardawa (selalu ramah terhadap orang lain); manut mring caraning bangsa (tindakan seharusnya selalu berwawasan kebangsaan dan tidak berdasarkan atas suku bangsanya sendiri), andhap asor (selalu bersikap rendah hati), meneng (tidak banyak berbicara bualan), prasaja (penampilan harus wajar dan tidak berlebih-lebihan), tepa selira (memiliki tenggang rasa yang tinggi), eling (selalu ingat akan baik-buruk dan ingat kedudukan dirinya sebagai makhluk Tuhan), dan ulat batin (melakukan kegiatan pembinaan rohani agar mendapatkan jalan keutamaan).
7.      Melaksanakan catur upaya, yaitu: meniru hal-hal yang baik dan menjauhi yang buruk; percaya pada kenyataan; dan memilih hal-hal yang tepat dan menguntungkan.

Ø  Ajaran Menjadi Abdi yang Baik :
      Abdi yang baik itu, adalah abdi yang memiliki sikap :1). Rajin, agar tidak mengecewakan yang menyuruh; 2). Suka bekerja dan tidak malas, agar tidak membuat marah yang menyuruh; 3). Ulet dalam bekerja, agar memberi kepuasan yang menyuruh; 4). Bekerja dengan sungguh-sungguh dan penuh tanggung jawab agar bisa dipercaya; 5). Harus selalu hati-hati, agar terhindar dari kesalahan.
Ø  Ajaran Menjadi Istri yang Baik :
Hal pertama yang diinginkan seorang istri itu adalah dihargai dan dicintai suami. Dan agar semua itu terwujud, hendaknya bisa menjadi istri yang :1). Patuh kepada suami, apa yang dikehendaki suami dilakukan dengan sabar dan diselesaikan dengan baik; 2). Condong, selalu mendukung kehendak suami, merawat kesukaan suami, dan tidak membicarakan kejelekan suami; 3). Menjaga, artinya menjaga segala kepunyaan suami dan mengetahui jumlah rinciannya; 4). Teliti, tahu asal mula suatu barang dan kegunaannya, selalu merawat nafkah dari suami dan hidup hemat; 5). Menyimpan rahasia, artinya pandai menyimpan rahasia suami.
Hal kedua adalah istri yang bisa menjadi ibu rumah tangga yang berhasil, hendaknya memiliki sikap dan pengetahuan mengenai tugas seorang istri, antara lain : 1). Bersikap hati-hati dalam segala hal; 2). Mengenal sifat-sifat keluarga dan sanak saudara agar dapat menyesuaikan diri; 3). Mengerti acara suami sehari-hari dan bisa membantu keperluannya.
Ketika memberikan pendapat atau saran harus mencari waktu yang tepat. Sebagai istri yang baik harus mengerti tugas-tugas sebagai seorang istri yang jelas, dan apabila belum paham, sebaiknya minta penjelasan kepada suami. Menghidari mempergunakan dan memanfaatkan barang-barang milik suami tanpa seijin suami. Meski suami memberi keleluasaan, tetapi tetap melakukan hal sewajarnya sesuai ketentuan yang berlaku. Mampu meminimalisir pengeluaran  dan menyesuaikan dengan pendapatan. Bila terjadi perceraian, harta bawaan istri tetap menjadi milik istri, harta gono-gini (yang diperoleh selama berkeluarga) menjadi milik istri dan biaya hidup anak-anak menjadi tanggung jawab suami.





DAFTAR PUSTAKA
Mangkunegaraan IV, KGPAA.1953. Serat Darmowasito. Yogyakarta : Yayasan Sastra Lestari.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Bausastra Jawa. Batavia : T.B. Wolters Uitgevers Maatscappichappij N.V. Groningen.
Utomo, Sutrisno Sastro.2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta:Kanisius.
www.alangalangkumitir.wordpress.com


Tidak ada komentar:

Posting Komentar