REVISI SOAL
Guna Memenuhi Tugas Akhir Semester
Mata Kuliah Tes Bahasa
Dosen Pengampu
Dra. Esti Sudi Utami, M.Pd
Oleh
Silvia Oti Nugraheni
2601411004
PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014
ULANGAN SEMESTER GASAL SEKOLAH
MENENGAH ATAS
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mapel
: Mulok Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Desember 2013
Kelas/Semester : X (Sepuluh)/Gasal
Waktu :
I.
Paringana
tandha ping (x) wonten aksara a, b, c, d, utawi e wonten ing sangajengipun wangsulan ingkang
leres!
Semaken tuladha wara-wara menikakangge mangsuli pitakenan no. 1-2!
Tuladha teks wara-wara
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Dhumateng
bapak-bapak saha kadang mudha Rt. 02/Rw 03 ngriki. Bilih sampun dados adat sabenipun,
mangke ing dinten Ahad tanggal 16 maret menika, kasuwun kempal wonten pos jagi
sacelakipun mushola, watawis tabuh 07.00. saperlu badhe gugur gunung utawi
gotong-royong reresik mushola lan sakiwa tengenipun amargi dalunipun badhe
wonten pengaosan akbar pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW. Makaten pambyawara saking kula, mugi dadosaken
kawigatosan panjenengan sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
1.
Suraosipun
wara-wara ing inggil inggih menika ….
a.
gugur gunung
ngresiki dhusun
b.
gugur gunung ngresiki
mushola
c.
pengaosan
Maulid Nabi
d.
kempalan para
bapak lan kadang mudha
e.
gugur gunung
ngresiki poskamling
2. Perangan–peranganipunwara-wara ingkang wigati wonten ing wara-wara ing inggil inggih
menika ….
a.
sakingsinten, kagem sinten, alamat kang dipuntuju
b.
kagem sinten, menapa suraosipun, titi mangsa
c.
saking sinten, kagem sinten, menapa suraosipun
d.
kagem sinten, saking sinten, urutanipun acara
e.
saking sinten, urutanipun acara, alamat ingkang dipuntuju
Semaken tuladha cariyos pengalamanmenikakangge mangsuli
pitakenan no. 3-4!
Rikala
dinten riyaya taun kepungkur, Minggu enjing, sedinten saderengipun shalat Ied, kula
lan kulawarga sowan wonten dalemipuneyang ingkang mapan wontenKaloran,
Temanggung. Saking Semarang namung kalih jam kemawon. Kula lan kulawarga nitih
mobil. Rikala wanci dalu, malem takbiran, wonten plataranipun eyang sampun rame
sanget, kathah mercon ingkang werna-werni jinisipun nembe dipunsumet lan
dipunbledhosaken ing langit.
Remen
sanget anggenipun kula nyawang kadadosan menika. Nanging, mercon-mercon kalawau
malah damel kagetipun eyang ingkang sampun sepuh. Ngantos tanggi teparonipun
eyang ingkang sakmenika nembe gerah, sami medal ndukani pakdhe ingkang nyumet
mercon kalawau.
………………………………………………………………………………………….
3. Irah-irahan ingkang trep kangge pethilancariyos
pengalaman ing inggil inggih menika ….
a. dina riyaya
b. sowan dalemipun eyang
c. preinan sekolah
d. nyumet mercon
e. malem takbiran
4. Remen sanget anggenipun kula nyawang
kadadosan menika. Tembung remen menika tegesipun ….
a. sedhih
b. duka
c. seneng
d. nangis
e. susah
5. Bu Edi : “Panjenengan kenging menapa, Bu? Kok ketingal duka.”
Bu Karyo : “Nggih, Bu.
Kalawau kula angsal serat saking sekolahane Adam. Serat panggilan orang tua, Bu.”
Bu
Edi : “Adam kenging napa, Bu?”
Bu Karyo : “Kasus
malih bu. Sampun bola-bali kula angsal serat kados menika. Jangan gori, ngantos … anggen kula mikiri, Bu.”
Tembung
wangsalan ingkang
trep kangge
njangkepi pacelathon ing inggilinggih menika ….
a. meri
b. kadingaren
c. judheg
d. cengklungan
e. kemba
6. Anak :
“Bu, kalawau wonten tilpun ingkang madosi panjenengan.”
Ibu : “Sapa ndhuk sing
nilpun?”
Anak : “Ngendikanipun saking Bu Retno.”
Ibu :
“Owalah, Bu Retno ta.Kuwi kanca kenthele ibu biyen nalika kuliyah, Ndhuk. Wis
banget suwene ibu ora krungu kabar saka dheweke. Ning endi ya dheweke saiki?”
Pacelathon menikasaged dipungambarake ngagem wangsalan ….
a.
jangan
gori, ngantos
judheg anggen kula
mikiri
b.
njanur
gunung, kok kadingaren
c.
mrica
kecut, sauni-unine
d.
manak bebek,
meri
e.
nyaron
bumbung ndamel
cengklungan
7. Bondan menikataksihnem nanging pedamelanipunsampun mapan. Menika amargipiyambakipun sregep lan wantun rekaos. Parikan ingkang jumbuh kaliyan pratelan kalawau, inggih menika ….
a.
Bumiayu
kuthanipun ageng, kareben
rahayu saha wilujeng
b.
neng
pasar Mungkid tumbas wader, dados murid kedah pinter
c.
jarik
lurik weton Purbalingga, langkung becik sing prasaja
d.
sapilanangbuntute
dawa, tiyang gesang ampun neka-neka
e.
saron
bumbung ditabuh ing ara-ara, mumpung enem sing sregep makarya
8. ꦀꦏꦽꦐꦶꦺꦑꦻꦆꦷꦁꦣꦓꦷꦽꦺꦆꦻꦇꦛꦸꦃꦅꦶꦑꦎꦠꦹꦽ….ꦏꦃꦼꦑꦊꦺꦄꦘ꧌
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggilinggih menika ….
a. ꦆꦺꦄꦻꦁ꧁
b. ꦆꦼꦄꦷꦝꦆ꧁
c. ꦎꦸꦈꦸꦁꦞꦶꦽꦇ
d. ꦺꦓꦻꦺꦏꦼꦻ
e. ꦄꦁꦟ
9. Tembung
ing ngandhapmenikaingkangpanyeratanipunleresinggih
menika….’
a. ꦀꦅꦼꦇꦷꦄꦸꦉꦿ꧋
b. ꦆꦷꦉꦺꦐꦻꦺꦃꦼ꧌
c. ꦺꦈꦅꦼꦃꦺꦁꦟ꧌
d. ꦏꦓꦁꦛꦆꦷ꧌
e. ꦏꦓꦁꦷꦚꦉ꧌
10. Kula
prigel nyerat aksara Jawa. Menawidipunseratngagem aksara
Jawiinggih menika.…
a.
ꦄꦸꦉ꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
b.
ꦄꦸꦉꦊꦶꦁꦚꦷꦽꦎꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
c.
ꦄꦸꦉꦉꦶꦁꦖꦾꦎꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
d.
꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
e. ꦀꦄꦸ꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
11. Tanggap
ing sasmita. Menawidipunseratngagem aksara
Jawiinggih menika ….
a.
ꦺꦈꦻꦼꦀꦸꦃꦶꦊꦘꦹꦅꦸꦇꦑꦽ꧌
b.
ꦆꦼꦐꦊꦔꦶꦼꦇꦇꦣꦶꦆ꧌
c.
ꦆꦏꦞꦶꦉꦥꦇꦌꦈ꧌
d.
ꦄꦍꦏꦏꦞꦶꦽꦺꦓꦻꦏꦺꦑ꧌
e.
ꦆꦷꦊꦇꦉꦶꦃ꧌
12. ꦆꦶꦍꦼꦐꦷꦇꦼꦏꦷꦁꦶꦄꦄꦷꦅꦾꦊꦸꦃꦸꦁ꧂ꦞꦶꦀꦆꦶꦁꦿ꧋
Menawidipunwaos unine ….
a.
Tiyang gesang menika kedah purun prihatin
b.
Tiyang gesang kedah purun prihatin
c.
Tiyang urip kedah purun prihatin
d.
Wong urip kedah purun prihatin
e.
Wong urip kudu gelem prihatin
ꦑꦇꦌꦈꦏꦷꦁꦶꦄꦐꦋꦾꦺꦈꦻꦁꦆꦷꦁꦐꦷꦐꦍꦸꦆꦁꦘꦉꦶꦍꦁꦑꦸꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶ꧌ꦆꦸꦉꦋꦁꦶꦊꦸꦁꦝꦺꦃꦀꦶꦼꦄꦼꦎꦶꦁꦀꦸꦑꦇꦌꦈꦶꦏꦷꦁꦶꦄꦊꦶꦄꦁꦚꦹꦄꦞꦷꦉꦌꦃꦁꦥꦹꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶ꧌ꦉꦺꦃꦏꦷꦁꦶꦄꦇꦐꦷꦅꦣꦓꦷꦽꦺꦆꦻꦇꦛꦶꦑꦑꦐꦁꦔꦸꦼꦐꦾꦀꦸꦼꦐꦸꦾꦀꦶꦼꦄꦼꦅꦺꦅꦻꦇꦛꦉꦾꦇꦆꦸꦼꦐꦉꦝꦶꦼꦺꦊꦃꦼꦓꦁꦜꦶꦐꦆꦶꦺꦈꦻꦁꦆꦷꦁꦞꦷꦁꦟꦶꦋꦶꦄꦁꦥꦹꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶ꧌ꦉꦺꦃꦉꦺꦃꦇꦐꦷꦅꦝꦼꦄꦸꦼꦓꦺꦌꦁꦕꦶꦆꦸꦏꦗꦊꦚꦶꦍꦼꦇꦺꦁꦇꦿꦄꦉꦶꦍꦁꦚꦶꦍꦼꦀꦼꦄꦼꦅꦶꦊꦸꦁꦠꦄꦣꦶꦂꦁꦚꦷꦁꦿ꧋ꦉꦺꦃꦉꦺꦃꦇꦐꦷꦅꦝꦼꦄꦸꦼꦓꦺꦌꦁꦕꦶꦆꦶꦍꦼꦀꦶꦼꦄꦼꦉꦼꦄꦸꦼꦇꦷꦊꦸꦾ꧌
13. Irah-irahan ingkang trep kangge
waosan ing inggil inggih menika ….
a. ꦑꦸꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶꦉꦁꦥꦇꦌꦈꦶ꧌
b. ꦑꦸꦅꦶꦉꦸꦀꦸꦽꦉꦁꦥꦇꦌꦈꦶ꧌
c. ꦑꦸꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶꦉꦁꦥꦇꦌꦈꦶ꧌
d. ꦑꦸꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶꦉꦕꦑꦇꦌꦈꦶ꧌
e. ꦑꦸꦅꦶꦊꦄꦽꦆꦶꦉꦁꦥꦇꦌꦈꦶ꧋
14. ꦐꦶꦁꦁꦶꦊꦸꦁꦑꦸꦅꦶꦊꦷꦄꦷꦽꦆꦶꦆꦸꦏꦗꦊꦝꦺꦃꦉꦺꦃꦇꦸꦊꦺꦅꦻꦇꦛꦐꦷꦅ…ꦆꦶꦍꦼꦇꦺꦁꦇꦿ꧋
Tembung
ingkang saged njangkepi ukara ing inggil inggih menika ….
a.
ꦜꦁꦆꦸꦁꦿ
b.
ꦆꦸꦄꦽꦃꦁꦿ
c. ꦓꦺꦌꦁꦕꦶ
d. ꦁꦓꦶꦇꦛꦶ
e. ꦅꦸꦄꦁꦶ
Waosenwacana budaya Jawiing ngandhapkangge mangsuli pitakenan no. 15-16!
Mendhem Ari-ari
Mendhem ari-ari menika salah satunggaling upacara kelairan
ingkang sampun umum dipungiyarakaken dening bebrayan Jawi, malah ugi dipunagemdening
suku-suku sanes. Ari-ari menika bageyan penghubung
antaranipun ibu lan putra rikala si jabang bayi taksih wonten rahim. Nama sanes
saking ari-ari inggih menika aruman utawi embing-embing (mbimbing). Tiyang Jawi
pitados menawi ari-ari menika sejatosipun salah satunggaling sedulur sekawan
utawi sedulur kembar si jabang bayi. Pramila, ari-ari kedah dipunopeni dan
dipunjagi, kadosta panggenan kangge mendhem ari-ari menika dipunparingi sentir
(lampu) kangge pepadhangan kagem bayi. Sentir menika dipunurubake ngantos 35 dinten
(selapan).
Ari-ari menika dipunkumbah ngantos resik, banjur
dipunlebetaken wonten kendhi utawi bathok klapa. Saderengipun dipunlebetaken,
ngandhapipun kendhi dipunparingi ron senthe banjur kendhi kalawau dipuntutup
ngagem lemper ingkang taksih enggal lan dipunbntel kain mori. Kendhi banjur
dipungendhong, dipunpayungi, dipunbeta dhateng panggenan ngubur. Panggenan
kalawau kedah wonten ing sisih tengenipun lawang utaminipun griya. Ingkang
mendhem kendhi kalawau kedah bapak kandhung bayi.
15. Miturut waosan ing inggil, caranipun ari-ari menawi badhe
dipunpendhem inggih menika, kajawi….
a. ari-ari menika
kedah dipun paringi donga rumiyin
b. ari-ari
dipunkumbah ngantos resik rumiyin
c. ari-ari
dipunbuntel ngagem kain mori rumiyin
d. ari-ari
dipunlebetaken wonten kendhi
e. ari-ari
dipuntutut ngagem lemper ingkang taksih nem rumiyin
16. Pokok pikiran waosan ing inggil
inggih menika ….
a. tata cara mendhem ari-ari
b. tata cara
ngumbah ari-ari
c. tata cara mbuntel
ari--ari
d. tata cara paring
donga marang
ari-ari
e. tata cara golek panggenan mendhem ari-ari
Semaken cariyos rakyatmenikakangge mangsuli pitakenan no. 17-18!
Jaka
Tarub
Wonten ing satunggaling dhusun, wonten
kulawarga ingkang namanipun Mbok Randha lan putra kakungipun ingkang sampun
ngancik diwasa inggih menika Jaka Tarub. Pedamelanipun saben dinten inggih
menika pados ron pisang utawi ron jati ingkang salajengipun badhe dipunsade
wonten peken. Ron menika dipunlintu kaliyan wos lan sarem kangge ulam saben
dinten. Pedamelanipun Jaka Tarub ingkang sanes inggih menika mbebedak wonten
wana kangge ulamipun.
Satunggaling dinten, Jaka Tarub matur
kaliyan biyung menawi badhe kesah
menyang wana kangge mbebedak. Adatipun menawi mbebedak menika bidhalipun ba’da
Subuh supados konduripun boten surup. Nanging boten ngertos menapa, ngantos
dalu Jaka Tarub taksih dereng pikantuk kasil menapa-menapa. Amargi saking
sayahe, Jaka Tarub banjur semendhe wonten ngandhapipun wit ngantos sare.
Satengahing dalu, Jaka Tarub nglilir amargi mireng swanten gumujengan
tiyang-tiyang estri. Jaka Tarub boten pitados piyambakipun mirsani
widadari-widadari ingkang sami siram wonten sendhang. Jaka Tarub banjur nyaketi
sendhang kalawau banjur piyambakipun nggadhahi niyat kangge mundhut salah
satunggaling rasukanipun widadari. Wonten setunggal widadari ingkang madosi
rasukanipun lajeng dipuntilar dening kanca-kanca widadari sanesipun. Banjur
Jaka Tarub ngereh-ereh lajeng dipunbeta wangsul dhateng griyanipun Jaka Tarub.
Widadari menika namanipun Nawang Wulan.
Nawang Wulan kagungan putri saking Jaka
Tarub ingkang namanipun Nawang Sih. Satunggaling dinten, Nawang Wulan nyuwun
tulung kaliyan Jaka Tarub supados nengga Nawang Sih kaliyan paring piweling
supados boten mbikak kekepan adang. Nanging Jaka Tarub malah kepengin mbikak
kekepan menika. Jaka Tarub kaget amargi ingkang dipunadang dening garwanipun
inggih menika namung pari sakler kemawon. Amargi kedadosan menika, banjur
kasektenanipun Nawang Wulan ical.
Wonten satunggaling dinten, Nawang Wulan
nglempit gelaran klasa wonten griya. Kados pundi kagetipun manah Nawang Wulan
amargi ngertos rasukan widadari wonten ngandhapipun klasa. Nawang Wulan duka
dhateng Jaka Tarub amargi piyambakipun sampun dipunapusi. Banjur Nawang Wulan
mutusaken kangge minggah dhateng kahyangan kemawon. Nawang Wulan ugi sampun
paring piweling marang Nawang Sih menawi kepengin weruh biyung supados mirsani
mbulan. Nanging sasampunipun dumugi kahyangan, Nawang Wulan sampun boten
dipuntampi dados widadari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Pramila,
Nawang Wulan banjur tindak menyang segara kidul. Wonten segara kidul Nawang
Wulan dados Ratu Kidul lan nggadhahi asma Nyi Rara Kidul.
17. Temanipuncariyos rakyat ing inggilinggih menika ….
a. katresnan
Jaka Tarub marang Nawang Wulan
b.
widadari
kahyangan
c.
Jaka Tarub
nggorohi Nawang Wulan
d.
Nawang Wulan
dipuntulak dening kahyangan
e.
Nawang Wulan
minggat
18. Paraga ingkang nggadhahiwategmboten jujurwonten ing cariyos ing inggil inggih menika.…
a.
Nawang Wulan
b.
Nawang Sih
c.
Jaka Tarub
d.
Mbok Randha
e.
Widadari
kahyangan
19. Wosipun geguritan ing inggilinggih
menika.…
a.
lintang-lintang
cemlorot
b.
nandang
wuyung
c.
wonten
lintang tiga
d.
wonten
lintang kemukus
e.
lintange
kumleyang
20. Tegesipun tembung mirunggan ing geguritan ing inggil inggih menika .…
a.
benten
kalih sanesipun
b.
padhang
njingglang
c.
werni
abrit
d.
ageng
sanget
e.
paling
sae
|
21. Miturut
pawarta lelayu ing inggil, sinteningkang nemahi seda?
a.
Pak Suparno
b.
Pak Saman
c.
Dina
d.
Tono
e.
Sari
22. Almarhum
seda rikala yuswanipun …
a.
20 tahun
b.
80 tahun
c.
85 tahun
d.
86 tahun
e.
90 tahun
23. Layon badhekabidhalaken wonten dalem paleremanwonten ing dinten …
a.
Minggu Kliwon
b.
Senin Legi
c.
Minggu Legi
d.
Senin Kliwon
e.
Senin Paing
24. Ibu tindak
dhateng toko badhe … menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula badhe …
buku tulis kangge cathetan.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg kasebut inggih menika.…
a.
mundhut, mundhut
b.
tumbas, tumbas
c.
mundhut, tumbas
d.
mundhut, tuku
e.
tumbas, mundhut
25. “Mas, panjenengan sumangga …
rumiyin, amargi bapak kala wau sampun …wonten kantor. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg kasebut inggih menika.…
a.
dhahar,
dhahar
b.
nedha,
nedha
c.
nedha,
dhahar
d.
maem,
dhahar
e.
dhahar,
maem
LAMPIRAN
SOAL LAMA
ULANGAN SEMESTER GASAL SEKOLAH
MENENGAH ATAS
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mapel
: Mulok Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Desember 2013
Kelas/Semester : X (Sepuluh)/Gasal
Waktu :
I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep
bener, kanthi menehi tandha ping (X) ana ing wangsulan
kang kokanggep bener!
Tuladha teks wara-wara
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng bapak-bapak saha kadang
muda Rt. 02/Rw 03 mriki. Bilih sampun dados adat sabenipun, mangke ing dinten
ahad tanggal 16 maret menika, kasuwun kempal wonten pos jagi sacelakipun
mushola, watawis tabuh pukul 07.00. saperlu badhe gugur gunung utawi
gotong-royong reresik mushola lan sakiwa tengenipun amargi dalunipun badhe
wonten pengaosan akbar pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW. Makaten pambiwara
saking kula, mugi andadosaken kawigatosan panjenengan sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
1.
Miturut wacan wara-wara ing ndhuwur, perangan sing
ana sajroning panulise wara-wara, kajaba
….
a.
Titi mangsa
b.
Peprenahan
c.
Surasa basa
d.
Purwaka basa
e.
Satata basa
2. Wos surasane wara-wara iku kudu ana
perangan kang diarani ….
a. Saka sapa, kanggo sapa, alamat kang
dituju
b. Kanggo sapa, apa surasane, tanggal
layang
c. Saka sapa, kanggo sapa, apa surasane
d. Kanggo sapa, saka sapa, urutane
acara
e. Saka sapa, urutane acara, alamat
kang dituju
3. Wara-wara
sing surasane menehi pangreten bela sungkawa diarani ….
a. Poster
b. Brosur
c. Iklan
d. Lelayu
e. Sayembara
4. Wara-wara sing surasane nawakake tumrap
sawijining barang utawa papan panggonan diarani ….
a. Lelayu
b. Iklan
c. Sayembara
d. Brosur
e. Pampflet
Semaken tuladha wara-wara iki !
WARA-WARA
Wara-wara iki katujukake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar kelas X supaya ngumpul ing :
Wara-wara iki katujukake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar kelas X supaya ngumpul ing :
Dina : Senin
Tanggal : 13 Juli 2009
Wanci : jam 10.00
Panggonan : ing kelase dhewe-dhewe
Keperluan : ngrembuk bab pranatan kelas anyar
Wara-wara iki penting banget, mula
kanggo para siswa anyar kelas X prayogane kabeh bae bisa nekani patemon iku.
Semarang. 10 Juli 2009
Kepala Sekolah SMA N 3 PATI
Drs. Iskandar
NIP.
5. Wara-wara kasebut katujokake marang
….
a. Ketua OSIS
b. Siswa anyar kelas X
c. Para guru
d. Kepala Sekolah
e. Kabeh siswa SMA N 3 PATI
6. Wara-wara ing ndhuwur iku surasane
….
a. Bela sungkawa
b. Iklan
c. Pentas seni
d. Pranatan kelas anyar
e. Nawake barang
7. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper
cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake yaiku …
a. Parikan
b. Wangsalan
c. Cangkriman
d. Geguritan
e. Candra sangkala
8. Jenang gula, kowe aja … lho!
Tembung
wangsalan kang trep kanggo njangkepi unen-unen ing dhuwur yaiku …
a. Lali
b. Kadingaren
c. Judheg
d. Cengklungan
e. Kemba
9. Jangan gori, nganti … anggonku
mikiri.
Tembung
wangsalan kang trep kanggo njangkepi unen-unen ing dhuwur yaiku …
a. Lali
b. Kadingaren
c. Judheg
d. Cengklungan
e. Kemba
10. Anak :
“Bu, kalawau wonten tilpun ingkang nangletaken panjenengan.”
Ibu : “Sapa ndhuk sing
nilpun?”
Anak : “Ngendikanipun saking Bu Retno.”
Ibu : “Owalah, Bu Retno ta.Kuwi kanca
kenthele ibu biyen nalika kuliyah, Ndhuk. Wis banget suwene ibu ora krungu
kabar saka dheweke. Ning endi ya dheweke saiki?”
Pacelathon
iku bisa digambarake nganggo wangsalan ….
a. Jangan gori, nganti judheg anggonku
mikiri
b. Njanur gunung, kadingaren
c. Mrica kecut, sauni-unine
d. Jenang gula, aja lali
e. Nyaron bumbung gawe cengklungan
11. Tetembungan utawa unen-unen kang
nduweni pathokan utawa paugeran ajeg diarani …
a. Paribasan
b. Unen-unen
c. Cangkriman
d. Parikan
e. Wangsalan
12. Manuk emprit, ménclok godhong tebu,
dadi murid sing sregep sinau.
Ukara
ing dhuwur kalebu …
a.
Parikan
b.
Wangsalan
c.
Cangkriman
d.
Geguritan
e.
Candra
sangkala
13. Bondan kuwi wonge isih enom nanging
pegaweyane wis mapan. Kuwi amarga dheweke sregep lan ora wedi rekasa. Parikan
kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku …
a. Bumiayu kuthane gedhe, ben rahayu
sakabehe
b. Neng pasar Mungkid tuku wader, dadi
murid kudu pinter
c. Jarik lurik weton Purbalingga, luwih
becik sing prasaja
d. Pitik cilik cucuke dawa, wong urip
aja neka-neka
e. Saron bumbung ditabuh ing ara-ara,
mumpung enom sregep makarya
14. Parikan iki tutugna! Ngasah arit
nganti landhep, …
a. Ajar kenal karo aku
b. Kalah dhisik, ora papa
c. Dadi murid, kudu sregep
d. Wong urip aja neka-neka
e. Lungguh jejer nggo tamba kangen
15. ꦀꦏꦽꦐꦺꦀꦻꦃꦓꦷꦽꦆꦶꦇꦸꦃꦅꦶꦑꦎꦠꦹꦽ….ꦏꦃꦼꦑꦊꦺꦄꦘ꧌
Tembung sing trep
kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku …
a. ꦆꦺꦄꦻꦁ꧁
b. ꦆꦼꦄꦷꦝꦆ꧁
c. ꦎꦸꦈꦸꦁ꧂ꦞꦶꦄꦛ
d. ꦺꦓꦻꦺꦏꦼꦻ
e. ꦄꦁꦟ
16. Tembung
ing ngisor iki kang panulise bener yaiku….’
a. ꦀꦅꦼꦇꦷꦐ
b. ꦆꦷꦉꦺꦐꦻ
c. ꦺꦈꦅꦼꦃꦺꦁꦟ
d. ꦏꦓꦁꦛꦆꦷ
e. ꦏꦓꦁꦷꦚꦉ
17. Kula
prigel nyerat aksara Jawa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
ꦄꦸꦉ꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
b.
ꦄꦸꦉꦊꦶꦁꦚꦷꦽꦎꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
c.
ꦄꦸꦉꦉꦶꦁꦖꦾꦎꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
d.
꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
e. ꦀꦄꦸ꧂ꦊꦶꦐꦷꦉꦢꦷꦃꦆꦔꦄꦛꦃꦌꦈ꧌
18. Tanggap
ing sasmita. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
ꦺꦈꦻꦼꦀꦸꦃꦶꦊꦘꦹꦅꦸꦇꦑꦽ꧌
b.
ꦆꦼꦐꦊꦔꦶꦼꦇꦇꦣꦶꦆ꧌
c.
ꦆꦏꦞꦶꦉꦥꦇꦌꦈ꧌
d.
ꦄꦍꦏꦏꦞꦶꦽꦺꦓꦻꦏꦺꦑ꧌
e.
ꦆꦷꦊꦇꦉꦶꦃ꧌
19. ꦺꦈꦻꦼꦀꦸꦃꦶꦊꦘꦹꦅꦸꦇꦑꦽ꧌ . Yen
diwaca unine …
a.
Wong kudu gelem prihatin
b.
Wong jawa kok ora jawani
c.
Wong urip kudu sabar
d.
Urip kayadene mampir ngombe
e.
Kasampurnaning gesang
Wangsulana
pitakonan no. 20-24 kanthi wacan ing ngisor iki!
Pengobatan
Katarak Gratis
Cacahe wong kan nandhang wuta ing Indonesia pranyata paling akeh sa-Asia.
Saiki rasio wong wuta ing Indonesia nggayuh 1,5 persen saka total populasine
penduduk. Direktur Bina Kesehatan Komunitas Departemen Kesehatan, Wadaningsih
mratelakake, ing Jakarta penyebab wuta paling akeh amarga penyakit katarak.
Umume wong mau padha ora nyana menawa nandhang katarak, saengga kasep anggone
entuk pitulungan. Kajaba katarak, faktor liya sing njalari wuta yaiku glukosa,
kelainan refleksi, gangguan retina lan kornea. Gegayutan karo bab mau, Depkes
bakal nganakake program sosialisasi kesehatan lan pengobatan gratis kanggo
operasi katarak, kang bakal dipusatake ana Simpang Lima Semarang, yaiku tanggal
12-18 Februari 2011. Warga sing kepengin, cukup gawa surat pengantar saka desa
lan bakal diobati kanthi gratis utawa ora usah mbayar.
(Sumber :
Pro TV Semarang, 25 Februari 2011 saka acara Pawarta Jateng)
20. Pawarta
ing dhuwur iku digiyarakake dening …
a.
Radio
b.
Tape
c.
TV
d.
Internet
e.
Komputer
21. Surasane
pawarta ing dhuwur yaiku …
a.
Wong wuta ing Indonesia paling akeh sa-Asia
b.
Sosialisasi kesehatan lan pengobatan katarak gratis
ing Simpang Lima Semarang
c.
Sosialisasi kesehatan kanggo penyakit kanker
d.
Warga gawa surat pengantar saka desa
e.
Akeh wong mati amarga katarak
22. Pengobatan
gratis kanggo wong sing nandang katarak kuwi dianakake dening …
a.
Negara
b.
Kepala desa
c.
Presiden
d.
Departemen Kesehatan
e.
Depdikbud
23. Pusate pengobatan
katarak ing Jawa Tengah yaiku ing …
a.
Semarang
b.
Surabaya
c.
Desane dhewe-dhewe
d.
Kecamatan
e.
Balai desa
24. Pengobatan
gratis kanggo operasi katarak dianakake nalika tanggal …
a.
12-18 Februari 2012
b.
13-18 Februari 2011
c.
13-18 Februari 2012
d.
12-18 Februari 2011
e.
12-18 Januari 2011
Ula badhudhak lan landhak
Ingnalika
mangsa adheming angin, ana ula badhudhak katisen banget, mubeng golek pandhelikan
ora oleh. Wasana ketemu karo landhak kang becik kalakuwane, anyelathoni
mangkene: mesakake temen kowe iku, angin iki ora becik ingatase awakmu, olehmu
andharodhog kaya godhong katempuh ing angin, ayo menyang erongku, supaya oleha
anget ing sawatara.
Celathu
mangkono iku anuju karepe ula badhudhak, banjur enggal nelosor mlebu ing erong.
Saking banget lemune, erong cilik dadi kacakan saparone, sing
duwe erong ora keduman panggonan. Bareng dayoh kang katisen wis anget, ora pisan kawetu calathune aweh panrima tuwin arep lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngeleker wae.Landhak nuli celathu: saiki wus wengi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sedhela andadekake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia maneh, kowe iya weruh dhewe, yen erong cilik iki sesak yen dak enggoni karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hem, dadi kowe angira yen sesak, satemeneerongmu iki luwih prayoga, aku kapenak ana ing kene lan ora sumedya lunga, mulane akal-akala golek panggonan kang jembar.
duwe erong ora keduman panggonan. Bareng dayoh kang katisen wis anget, ora pisan kawetu calathune aweh panrima tuwin arep lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngeleker wae.Landhak nuli celathu: saiki wus wengi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sedhela andadekake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia maneh, kowe iya weruh dhewe, yen erong cilik iki sesak yen dak enggoni karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hem, dadi kowe angira yen sesak, satemeneerongmu iki luwih prayoga, aku kapenak ana ing kene lan ora sumedya lunga, mulane akal-akala golek panggonan kang jembar.
25. Crita ing
ndhuwur kuwi kalebu crita …
a.
Legenda
b.
Biografi
c.
Dongeng
d.
Myte
e.
Fabel
26. Kancil lan
kura-kura, Manuk Thilang sing Apik Atine, lsp. Irah-irahan crita kasebut kalebu
…
a.
Legenda
b.
Dongeng
c.
Biografi
d.
Fabel
e.
Myte
Wangsulana
pitakonan no. 27-29 kanthi wacan ing ngisor iki!
RORO JONGGRANG
Jaman biyen ana
kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem
sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo
kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga. Prabu Baka lan
prajurite mati amarga kena gamane Bandung Bondowoso. Kerajaan Pengging lan
prajurite seneng amarga bisa naklukna kerajaan Prambanan.
Nalika Bandung Bondowoso ana ing
kerajaan Prambanan, dheweke weruh putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro
Jonggrang, putrine Prabu Baka. Banjur Bandung Bondowoso nduweni kekarepan
nglamar Roro Jonggrang.
“Roro Jonggrang, apa awakmu
gelem dadi bojoku?” pitakone Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang mangsuli pitakone
Bandung Bondowoso “Aku gelem dadi permaisurimu, nanging ana syarate.”
“Apa iku syarate?” pitakone
Bandung Bandowoso.
“Gawekna aku 1000 candi, nanging
dakwenehi wektu sewengi!” wangsulane Roro Jonggrang.
Bengi iku uga
Bandung Bondowoso ngumpulna anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngrungokno
perintahe Bandung Bondowoso, jin lan setan banjur nggarap sing diperintahake
karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pegaweyane Bandung Bondowoso.
Roro Jonggrang kuwatir yen Bandung Bondowoso bisa nggarap minangkani panjaluke
dheweke. Roro Jonggrang langsung ngumpulna dayang-dayange. Roro Jonggrang
banjur ngongkon dayange mbakar dami. Jin lan setan mau wedi lan dikira wis
esuk. Jin lan setan wedi banjur lunga. Candhi sing wis dadi mau lagi mung 999,
kurang sak candhi maneh. Bandung Bondowoso nesu marang Roro Jonggrang amarga
wis ngapusi dheweke. Banjur Bandung Bondowoso nyumpahi Roro Jonggrang dadi
patung lan ngganepi 1000 candi.
27. Tema
crita rakyat ing dhuwur yaiku …
a.
Katresnan Bondowoso marang Jonggrang
b.
Kasetyane dayang ngrewangi Roro Jonggrang
c.
Roro Jonggrang ngapusi Bandung Bondowoso
d.
Prabu Baka lan prajurite kalah perang
e.
Roro Jonggrang dadi patung
28. Paraga
sing nduweni watek meksa marang kekarepane yaiku …
a.
Roro Jonggrang
b.
Prabu Baka
c.
Jin lan setan
d.
Dayang
e.
Bandung Bondowoso
29. Watake
paraga utama ing crita rakyat kuwi yaiku …
a.
Jujur
b.
Kiyanat
c.
Bisa dipercaya
d.
Wicaksana
e.
Kepenginan
30. Kegiyatan
sing kudu ditindakake sadurunge arep maca geguritan yaiku kaya ing ngisor iki,
kajaba …
a.
Analisis situasi
b.
Milih geguritan
c.
Ndhudhah geguritan
d.
Gegladhen
e.
Manut sing nglatih
31. Wos surasane geguritan ing dhuwur
yaiku …
a.
Kelingan
kampung
b.
Akeh
salju
c.
Angin
sing nunjem lan perih
d.
Ing
ngisor salju ana candhi
e.
Kelingan
papan sarwa salju
32. Surasane paragraf siji geguritan ing
dhuwur yaiku …
a.
Angen-angen
swasana ngomah
b.
Mikir
bedhiyang lan lincak
c.
Wis
kebacut dadi salju
d.
Dom-e
nunjem krasa perih
e.
Lawang
gubug ing papan sarwa salju
33. Tegese tembung bedhiyang ing geguritan ing dhuwur yaiku …
a.
Obongan
suket lan dami
b.
Obongan
godhong
c.
Pakan
sapi
d.
Lawang
gubug
e.
Obongan
kayu
|
34. Miturut
pawarta lelayu ing dhuwur, sapa sing seda?
a.
Pak Suparno
b.
Pak Saman
c.
Dina
d.
Tono
e.
Sari
35. Almarhum
seda nalika yuswanipun …
a.
20 tahun
b.
80 tahun
c.
85 tahun
d.
86 tahun
e.
90 tahun
36. Layon arep
dimakamna ana ing dina …
a.
Minggu Kliwon
b.
Senin Legi
c.
Minggu Legi
d.
Senin Kliwon
e.
Senin Paing
37. Nalika aku
sakluwarga lelunga menyang Solo isih rada bingung lan kesasar. Amarga papan
dunungalamat sing bakal diparani isih durung ngerti. Mula, ing ndalan aku takon
marang wong kang luwih ngerti papan iku. Basa sing prayoga dienggo nalika takon
alamat marang wong liya yaiku …
a.
Krama
b.
Krama alus
c.
Krama andhap
d.
Ngoko lugu
e.
Ngoko alus
38. Simbah : “Le, sesuk aku terna menyang Puskesmas.
Sesuk wis wayahe kontrol.”
Andi : “O, nggih Mbah.”
Basa kang digunakake simbah yaiku
…
a.
Krama
b.
Krama alus
c.
Krama andhap
d.
Ngoko lugu
e.
Ngoko alus
39. Ibu tindak
dhateng toko badhe … menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula badhe …
buku tulis kangge cathetan. Tembung sing trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut
yaiku …
a.
Mundhut, mundhut
b.
Tumbas, tumbas
c.
Mundhut, tumbas
d.
Mundhut, tuku
e.
Tumbas, mundhut
40. “Mas, panjenengan sumangga …
rumiyin, amargi bapak kala wau sampun …wonten kantor. Tembung sing trep kanggo
njangkepi ceceg-ceceg kasebut yaiku …
a. Dhahar, dhahar
b. Nedha, nedha
c. Nedha, dhahar
d. Maem, dhahar
e. Dhahar, maem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar